puhpzK|/ |
1 |
mizK/mizK|/ri=azKr, akrnkxnnM/fisiwi, sinwu=xsMini=kifu=, sinubsinuk/t, m]ihk}t/tpk/tini=[zlM|luau=, k=tum][pN=tnhjw, agmagemMi=aji. |
1 |
Mingkar-mingkuring angkara | akarana karênan mardi siwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung | kang tumrap nèng tanah Jawa | agama agêming aji. |
2 |
jineje/[n=[wdtm, m]ihtnKemBkkemB_zi=pmB|fi, [m=oknf-nÒ|wpikun\ [ynTnMiknirs, yekTisepiasepli/sephsmun\ sm=s[npkumPulLn\ [govkGvuk\zLili=semMi. |
2 |
Jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba kakêmbêng ing pambudi | mangka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi. |
3 |
guguk/s[np]i[y=og, [norz=[gopprhlmunH=zLi=, lumuhaizrnBlilu, auge/gurua2mMn\ nzi=jnMai=k=wusWsP[f=semu, sinmunHi=smufn, ss[fonHizfumnis\, |
3 |
Gugu karsane priyangga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis, |
4 |
sipezu=[norzLe[gw, s=sy/f[fnirccriwis\ znD/rnD/aznD|ku/, knD[n[norkp]h, sy[a[lokH[l=ok[l=okznNipun\ siwsisWsKiqzlh, zli=zimr=sipi=gi=. |
4 |
Si pêngung nora nglêgewa | sangsayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angandhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alôngka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging. |
5 |
m=[ko[no[zlM|k=vt, svt[nmu=[whxsepPi=ati, buzhaizrnnC|bÓ|k\ su[k=t-[sY[nFnHin, [norkysipu=gu=a=gu=gumu=gu=, augu=znSfinfin, ajm=[ko[no[w=oaurip\, |
5 |
Mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip, |
6 |
auri[pPspisnR|sk\ [normulu/nl/[rti=sluwi/, kfitguwk=siru=, siner=ai=mrut, gumx=g_a=gex=a=gu=gum(=gu=, pinDpd[nsimud, p][nF[npkSkumki. |
6 |
Uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki. |
7 |
kikisS[nNmu=spl, plyu[nznFelKenYyhwibi, b=kitÒ|/b=sni=luau/, lhaiyai=k=rm, blikSirsrw=uznB[afuru=, m]i=ttni=ttk]m, [gonH=[gonHgmsukCi. |
7 |
Kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring tataning tata krama | gon-anggon agama sukci. |
8 |
[socni=jiw=gnir, je/ktrlmu[nPocpPnPsQi, lumuha[so/kufuau=gul\ sumuzh[so[soz/rn\ [ynM=knkenaizrnKtu=kul\ kxmMi=[rhkp]wirn\ [nor[ankHikukki. |
8 |
Socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi | lumuh asor kudu unggul | sumungah sêsongaran | yèn mangkana kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki. |
9 |
keke/r[nN[zlM|kr=, kkr=znSki=b=sni=gIb\ aiku[bo[rhpminipun\ tnHumsukRi=jsf\ amu=a[n=sjbni=fgi=kulup\ [ynKp_[ko[kPovCby, auby[nb[lvJni. |
9 |
Kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan umasuk ring jasad | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok pôncabaya | ubayane balenjani. |
10 |
m/mai=sbisbis, bebs[nNmurihat-sBsuki, puruaitak=ptut\ lnTpi=a=gnir, anauga=ge/auge/ri=kp]bun\ a[bonH[bonNi=pnemBh, k=k=[goai=siy=rt]i. |
10 |
Marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruhitaa kang patut | lan taping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kanggo ing siyang ratri. |
11 |
aikukkit[kokKen, mr=prs/jnk=m/tpi, m]i=tpkKi=teptulus\ kuwwnaenHw, w(hanirmu=guhsvtni=[zlM|, tnPsQi[n=jnMw}d, tuwi[nN=jnMtruni. |
11 |
Iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kuwawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan pasthi nèng janma wrêdha | tuwin nèng janma taruni. |
12 |
spnT|kWhyuni=AlLh, g-fumilhm[zolh[zlM|b=kit\ b=kitMik[tRhmzukut\ kukutTni=jiw=g, [ynM=[ko[nokensinebu[tW=osepuh, li/ri=sepuhsepiaw, aw[sRo[roni=atu=gil\, |
12 |
Sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangolah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh sêpi hawa | awas roroning atunggil. |
13 |
tnSm/p[m/ori=sukSM, sinukSMywinhyai=zsepi, sinimPenTe2=zi=klB|, pmB|kni=wrn, t/[lnSki=liyepLypPi=zluyup\ pinDpestTi=supen, sumusupPi=rsjti. |
13 |
Tan samar pamoring suksma | sinuksmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukaning warana | tarlèn saking liyêp layaping aluyup | pindha pêsating supêna | sumusup ing rasa jati. |
14 |
sjti[nk=m=kn, wusKkenNnNug]ani=a=-widi, blialmMi=asuwu=, tnKxmKr[myn\ ai=k=siptWi[sswini[sswus\ mulihmulmulnir, mul[n[w=oa[nomSmi. |
14 |
Sajatine kang mangkana | wus kakênan nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami. |
Post a Comment