Kitab Pasalatan Moehammadijah Tahun 1937 : Bagian I - Nawapustaka

Kitab Pasalatan Moehammadijah Tahun 1937 : Bagian I

Pasalatan Moehammadijah
DESKRIPSI NASKAH
Judul : Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih
Tipe : Terbitan
A / B : Jawa / Jawa Carkan
Bentuk : Prosa
Ikhtisar : Tuntunan tata cara melaksanakan sholat menurut putusan Majlis Tarjih Moehammadijah tahun 1937 disertai dengan gambar dan keterangan bacaan doa-doa, menggunakan huruf arab dan jawa.
PROFIL
Penyusun : Majlis Tarjih
Penerbit : Penerbitan Boekoe Sekolah Moehammadijah
Tempat : Yogyakarta
Tahun : 1357 H / 1937 M
FISIK
Media : HVS
Dimensi : 15 x 21 cm
Halaman : 24 halaman + 4 halaman cover terisi
Keterangan : Disertai 17 gambar fotografi
KATALOG
Sumber : Nawapustaka
Katalog : NP/T/Jv-023
Model : Salinan
DIGITALISASI
Tanggal : 28-03-2017
Pemindaian : Diaz Nawaksara
Pengetikan : Diaz Nawaksara
Alih_aksara : Diaz Nawaksara
Terjemahan : -
Fonta : Notosans Javanese.ttf
Berkas : *docx tersedia
꧋ ꦠꦸ ꦤ꧀ꦠꦸ ꦤ꧀ꦤ ꦤ꧀
ꦱ ꦭ ꦠ꧀
ꦩꦶ ꦠꦸ ꦫꦸ ꦠ꧀
ꦥꦸ ꦠꦸ ꦱ꧀ꦱ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ꧉
Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih

Pasalatan Moehammadijah

ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ ꧇
PENERBITAN BOEKOE SEKOLAH MOEHAMMADIJAH
ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉
꧋ꦥ ꦱ ꦭ ꦠ꧀ꦠ ꦤ꧀꧉
(ꦩ ꦤꦸ ꦠ꧀ꦥ ꦤꦶ ꦠꦶ ꦤꦶ ꦥꦸ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ ꦩꦸ ꦏ꦳ ꦩ꧀ꦩ ꦢꦶ ꦪꦃ)
Pasalatan Manut Panitinipun Majlis Tarjih Muhammadiyah



ꦏꦉꦁꦒꦩꦮꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧉

ꦕꦥ꧀ꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀
_____ *** _____


ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ ꧇
PENERBITAN BOEKOE SEKOLAH MOEHAMMADIJAH
١٣٥٦ - 1937
ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀꧈
Katrangan

ꦲꦶꦁꦕꦥ꧀ꦕꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦗꦮꦶꦏꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦏꦠꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤ꧀ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦺꦴꦭꦠ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦺꦴꦭꦠ꧀꧈ ꦮꦱ꧀ꦱꦭꦩ꧀꧉

Ing capcapan ingkang kaping sakawan punika kajawi kabesut basanipun, ing wingking katambahan surat-surat waosan solat, lan gambar caranipun para putri solat, Wassalam

ꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀꧈

Pangurus.
꧋ꦧꦸꦧꦸꦏ꧉
Bubuka.
السلَام عليكم ورحمة الله وبركَاتة
الحمد لله رب العلمين والصلاة والسلام علي سيدنا ﷴ خاتم النبـــيين۔

ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦏꦶꦁꦫꦫꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦫꦁꦩꦸꦝꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦼꦭꦗꦼꦁꦭꦤ꧀ꦄꦫꦧ꧀꧈ꦱꦩꦶꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦸꦕꦶꦮꦲꦁꦱꦭꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦤꦶꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦗ꧀ꦭꦶꦱ꧀ꦠꦂꦗꦶꦃꦠꦼꦏꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦮꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸ꧈ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦸꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦸꦲꦩ꧀ꦩꦢꦶꦪꦃꦧꦒꦺꦪꦤ꧀ꦠꦩꦤ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦚꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿꦭꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦶ꧉

Kabekta saking raraosanipun para sadhérék ingkang kirang mudheng dhateng tembung melajeng lan Arab, sami rumaos kuciwa angsalaning panitinipun majlis tarjih teka kaserat mawi tembung kakalih wau. Makaten ugi kathah ingkang sami usul dhateng muhammadiyah bagéyan taman pustaka, supados nyantun prakawis punika mawi sastra lan aksara jawi.

ꦩꦶꦭꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀ꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦽꦭꦸꦔ꧀ꦭꦼꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈ꦩꦸꦫꦶꦃꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦶꦒꦸꦤꦭꦤ꧀ꦕꦼꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦉꦁꦒꦩꦮꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦽꦭꦸꦥꦽꦭꦸ꧈ꦮꦱꦤꦮꦼꦢꦭꦶꦁꦏꦶꦠꦧ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦫꦶꦁꦥꦲꦺꦢꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭꦱꦢꦪ꧈ ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦄꦏ꦳ꦺꦫꦠ꧀꧈ ꦄꦴꦩꦷꦤ꧀꧈ ꦮꦱ꧀ꦱꦭꦩ꧀꧈

Mila pangurus ngraos prelu ngleksanani pamundhutipun para sadhérék wau. Murih mindhak piguna lan cethanipun ing ngriki karengga mawi gambar ingkang prelu-prelu. Wasana wedaling kitab punika, mugi mugi Ghusti Alloh paring paédah ingkang ageng dhateng kula sadaya, ing donya tuwin akhérat, Āmīn, Wassalam.

ꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀꧉

Pangurus.
كیفیة الصلاة المكتوبة
꧋ꦲꦠꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ꧉
Atas asma Alloh ingkang maha mirah tur welas asih.

ꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦫꦥꦝꦱꦭꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦲꦺꦭꦶꦁꦔꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦭꦶꦏꦔꦢꦼꦒ꧀꧈ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦭꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦫꦺꦴꦤ꧀꧈ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦱꦭꦠ꧀꧈ꦲꦩꦂꦒꦱꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺꦱꦭꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦸꦏ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦢꦢꦶꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦏꦁꦢꦶꦠꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦮꦪꦃꦲꦺ꧉

Samongsa anggonira padha salat wus rampung, nuli padha élinga marang Alloh nalika ngadeg, lungguh lan tuturon, déné yén sira wus padha tentrem nuli padha nindakna salat, amarga satemené salat iku tumrapé wong mukmin dadi kuwajiban kang ditamtok aké wayahé.

(ꦄꦭ꧀ꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦱꦸꦫꦠ꧀꧈ꦤꦶꦱꦏ꧀꧈ꦄꦪꦠ꧀꧇꧑꧐꧕꧇)
(Alquran surat Nisak, Ayat 105)

ꦡꦺꦴꦭ꧀ꦏꦃꦧꦶꦤ꧀ꦔꦸꦧꦆꦢꦶꦭ꧀ꦭꦃꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦤꦗꦼꦢ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦩꦫꦁꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ ꦩꦝꦸꦭ꧀ꦩꦝꦸꦭ꧀ꦱꦶꦫꦃꦲꦺ꧈ꦏꦶꦠꦩꦸꦁꦏꦿꦸꦔꦸꦒꦸꦩꦽꦁꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦮꦫꦤꦺ꧈ꦲꦺꦴꦫꦩꦔꦽꦠꦶꦲꦥꦏꦁꦢꦶꦒꦸꦤꦼꦩ꧀꧈ꦧꦉꦁꦕꦼꦝꦏ꧀ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦸꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦶꦂꦱꦧꦧ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ꦱꦺꦴꦭꦠ꧀ꦭꦶꦩꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦶꦤꦱꦮꦼꦔꦶ꧈ꦲꦠꦸꦂꦫꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦲꦸ꧇ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦺꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶ ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦗꦧꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦄꦉꦥ꧀ꦤꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦠꦺꦴꦔꦠ꧀ꦩꦸꦩꦫꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶ꧉

"Thalhah bin Ngubaidilah ngandika ; Ana wong lanang bongsa Najed Sowan marang Kangjeng Nabi Muhamad SAW, madhul madhul sirahé, kita mung krungu gumṛenggenging suwarané, ora mangṛeti apa kang digunem, baṛeng cedhak jebul wong iku nyuwun pirsa bab Islam, nuli Kangjeng Nabi Muhamad SAW ngandika : Salat lima ing daḷem sadina sawengi. Aturé wong mau : Tumrap kula punapa wonten malih sanésipun punika", ngandikané kangjeng Nabi SAW : ora ana, kajaba yén kowé aṛep nambahi tongatmu marang Gusti Alloh"

(ꦏ꦳ꦢꦶꦠ꦳꧀꧈ꦩꦸꦠ꧀ꦠꦥ꦳ꦏ꧀ꦔꦭꦆꦲꦶ꧉)
(Hadits, Muttafak ngalaihi)
꧋ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦺꦱꦭꦠ꧀ꦥ꦳ꦂꦭ꦳ꦸ꧉
Pratikelé salat fardlu.
ꦩꦤꦮꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦭꦠ꧀꧈ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦱꦸꦱꦸꦕꦶꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦢꦼꦒꦗꦼꦗꦼꦒ꧀꧈(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧇)ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦝꦼꦥ꧀ꦏꦺꦧ꧀ꦭꦠ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲ꧇
manawa kowé arep nindakaké salat, sawisé susuci bañjur ngadega jejeg, (kaya gambar nomer 1) kanthi madhep kéblat nuli macaa :
الله أكبر _____ ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦸꦄꦏ꧀ꦧꦂ
Allohu Akbar
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦲꦲꦒꦸꦁ]
[ Gusti Alloh maha Agung ]
ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦄꦠꦶꦏꦁꦲꦶꦏ꧀ꦭꦱ꧀ꦤꦶꦪꦠ꧀ꦩꦸꦩꦫꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦧꦉꦁꦔꦤꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦸꦮꦸꦂꦥꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸꦥꦼꦤꦼꦂꦤꦏꦸꦥꦶꦁ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦱꦮꦁꦱꦏꦔꦉꦥ꧀ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧒꧇ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦢꦶꦪꦫꦤ꧀ꦤꦶꦠꦏ꧀ꦧꦷꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳ꦿꦺꦴꦩ꧀꧉
Kanthi ati kang ikhlas niatmu marang Gusti Alloh, barengana añjuñjung tanganmu loro pisan tekan ing dhuwur pundhak lan jempolmu penerna kuping, yén kasawang saka ngarep kaya gambar nomer 2, mangkono iku diarani takbiratul ihrom.
꧋ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦼꦝꦏꦼꦥ꧀ꦥꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦠꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦤꦲꦶꦁꦝꦝꦩꦸ꧈ꦱꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦁꦤꦲꦶꦁꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦺꦲꦺꦥꦺꦏ꧀ꦲꦺꦥꦺꦏ꧀ꦏꦶꦮ꧈ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧓꧇ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲ ꦢꦺꦴꦔꦆꦥ꦳꧀ꦠꦶꦠꦃ꧈ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇
Sawisé iku sedhakepa mangkéné ; tanganmu kiwa témplékna ing dhadhamu, sing tengen tumpangna ing gigiré épék-épék kiwa kaya gambar nomer 3, nuli macaa donga iftitah mangkéné :
اللَّهُمَّ باَعِدْ بَیْنِي وَبَیْنَ خَطَایَايَ كَمَا باَعَدْتَ بَیْنَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦧꦴꦔꦶꦢ꧀ꦧꦻꦤꦷꦮꦧꦻꦤꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦏꦩꦴꦧꦴꦔꦢ꧀ꦠꦧꦻꦤꦭ꧀ꦩꦯ꧀ꦫꦶꦐꦶꦮꦭ꧀ꦩꦓ꧀ꦫꦶꦧ꧀꧉
Allohumma bāngid bainī wabaina khothoyāya kamā bāngadta bainal masyriqi walmaghrib.
 اللَّهُمَّ نَقِّنِي مِنْ خَطَایَايَ كَمَا یُنَقَّى الثَّوْبُ الْأبَیَضُ مِنَ الدَّنَسِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦤꦏ꧀ꦐꦶꦤꦷꦩꦶꦤ꧀ꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦏꦩꦴꦪꦸꦤꦏ꧀ꦐꦺꦴꦠ꦳꧀ꦠꦻꦴꦧꦸꦭ꧀ꦄꦧ꧀ꦪꦭ꦳ꦸꦩꦶꦤꦢ꧀ꦢꦤꦱ꧀꧉
Allohuma naqqinī min khotoyāya kamā yunakkots tsaubul abyadlu minad danas.
اللَّهُمَّ اغْسِلْنِي مِنْ خَطَایَايَ بِالْمَاءِ وَالثَّلْجِ وَالْبَرَدِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦱꦶꦭ꧀ꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦧꦶꦭ꧀ꦩꦴꦆꦮꦠ꧀ꦠ꦳ꦭ꧀ꦗꦶꦮꦭ꧀ꦧꦫꦺꦴꦢ꧀꧉
Allohummaghsil khotoyāya bilmāi watsalji walbarod.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦲꦤꦼꦧꦶꦃꦤꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦸꦭꦭꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦏꦸꦭꦏꦝꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦼꦧꦶꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦥ꧀ꦭꦼꦛꦺꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦫꦥ꧀ꦥꦶꦁꦱꦸꦂꦪ꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi anebihna antawis kula lan dosa kula kadhos anggén pañjenengan nebihaken antawisipun papan plethék lan seraping surya.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦲꦔꦽꦱꦶꦏ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦴꦱꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦁꦒꦺꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦱꦏꦶꦁꦉꦉꦒꦼꦢ꧀꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi angresikna ing kula saking dosa kados déné panganggé pethak ingkang dipun resiki saking rereged.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦩꦱꦸꦃꦲꦢꦺꦴꦱꦏꦸꦭꦱꦿꦤꦠꦺꦴꦪꦌꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦗꦮꦃꦮꦺꦴꦃ꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi masuha dosa kula srana toya és lan toya jawah woh.

ꦲꦸꦠꦮꦩꦕ ꧇

Utawa maca :

وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِيْ فَطَرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ حَنِیْفًا مُسْلِمًا وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِیْنَ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِيْ وَمَحْیَايَ، وَمَمَاتِي لِلهِ رَبِّ الْعَلَمِیْنَ لاَ شَرِیْكَ لَهُ، وَبِذلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِیْنَ.

꧋ꦮꦗ꧀ꦗꦃꦠꦸꦮꦗ꧀ꦲꦶꦪꦭꦶꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦥ꦳ꦛꦺꦴꦫꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦴꦮꦴꦠꦶꦮꦭ꧀ꦄꦂꦭ꦳ꦏ꦳ꦤꦷꦥ꦳ꦩ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦤ꧀ꦮꦩꦴꦄꦤꦩꦶꦤꦭ꧀ꦩꦸꦯ꧀ꦫꦶꦏꦷꦤ꧀꧉ꦆꦤ꧀ꦤꦰꦺꦴꦭꦴꦠꦷꦮꦤꦸꦱꦸꦏꦶꦮꦩꦏ꦳꧀ꦪꦴꦪꦮꦩꦩꦴꦠꦷꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦔꦴꦭꦩꦷꦤ꧀꧉ꦭꦴꦯꦫꦷꦏꦭꦲꦹꦮꦧꦶꦢ꦳ꦴꦭꦶꦏꦈꦩꦶꦫ꧀ꦠꦸꦮꦄꦤꦄꦮ꧀ꦮꦭꦸꦭ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦷꦤ꧀꧉

Wajjahtu wajhiya lilladzī fatoros samāwāti wal ardli hanīfam musliman wamā ana minal musyrikīn. Inna solātī wanusukī wamahyāya wamamāti lillāhi robbil ngālamīn. Lā syarīka lahū wabidzālika umirtu wa ana awwalul muslimīn.

꧋ꦏꦮꦸꦭꦩꦝꦼꦥ꧀ꦲꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦧꦸꦩꦶꦭꦔꦶꦠ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦒꦸꦩꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦶꦁꦩꦤꦃꦭꦤ꧀ꦱꦸꦩꦫꦃꦱꦂꦠꦏꦸꦭꦱꦤꦺꦱ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩꦸꦯ꧀ꦫꦶꦏ꧀꧈ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦱꦭꦠ꧀ꦏꦸꦭꦔꦶꦧꦢꦃꦏꦸꦭꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦒꦼꦱꦁꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦢꦪꦔꦭꦩ꧀꧈ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦩꦺꦤꦶ꧈ꦏꦸꦭꦏꦝꦮꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦫꦃ꧉

Kawula madhep angadhepaken dzat ingkang nitahaken bumi langit kanthi gumolonging manah lan sumarah sarta kula sanés golonganipun tiyang musyrik, saéstu salat kula ngibadah kula tuwin pejah gesang kula punika koñjuk ing Gusti Alloh ingkang mangérani sadaya ngalam, boten wonten ingkang nyaméni, kula kadhawuhana ingkang makaten inggih kula punika wiwitanipun tiyang ingkang sumarah.

ꦤꦸꦭꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Nuli nyuwun reksa mangkéné :

أَعُوذُ بِالَّلهِ مِنَ الشَّیْطَانِ الرَّجِیم

ꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦩꦶꦤꦯ꧀ꦯꦻꦛꦺꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦗꦷꦩ꧀꧉

Angūdzu billāhi minasy syaitonir rojīm.

ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦏꦶꦁꦱꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦏ꧀꧉

Kawula nyuwun reksa dhumateng Gusti Alloh saking sétan ingkang tinulak.

ِ بِسْمِ الَّله الرَّحْمَنِ الرَّحِیم˚ الْحَمْدُ لِّلهِ رَبِّ الْعَالَمِینَ ˚ الرَّحْمَنِ الرَّحِیمِ ˚مَالِكِ یَوْمِ الدِّینِ ˚ إِیَّاكَ نَعْبُدُ وَإِیَّاكَ نَسْتَعِینُ ˚ اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِیمَ ˚ صِرَاطَ الَّذِینَ أَنْعَمْتَ عَلَیْهِمْ غَیْرِالْمَغْضُوبِ عَلَیْهِمْ وَلا الضَّالِّینَ٭

ꦧꦶꦱ꧀ꦩꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦂꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦄꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦔꦴꦭꦩꦷꦤ꧀꧈ꦄꦂꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦏ꦳ꦷꦩ꧀꧈ꦩꦴꦭꦶꦏꦶꦪꦻꦴꦩꦶꦢ꧀ꦢꦷꦤ꧀꧈ꦆꦪ꧀ꦪꦴꦏꦤꦏ꧀ꦧꦸꦢꦸꦮꦆꦪ꧀ꦪꦴꦏꦤꦱ꧀ꦠꦔꦷꦤ꧀꧈ꦆꦲ꧀ꦢꦶꦤꦱ꧀ꦱꦶꦫꦺꦴꦛꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦠꦐꦷꦩ꧀꧈ꦰꦶꦫꦺꦴꦛꦺꦴꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦤꦄꦤ꧀ꦔꦩ꧀ꦠꦔꦭꦻꦲꦶꦩ꧀ꦓꦺꦴꦲꦶꦫꦶꦭ꧀ꦩꦓ꧀ꦭ꦳ꦹꦧꦶꦔꦭꦻꦲꦶꦩ꧀ꦮꦭꦭ꧀ꦭ꦳ꦺꦴꦭꦷꦤ꧀꧉

Bismillā hirrohmā nirrohīm | Alhamdu lillāhi robbil ngālamīn | Arrohmā nirrohīm | Māliki yaumid dīn | Iyyāka nakbudu waiyyāka nastangīn | Ihdinaṣ ṣhirothol mustakīm | Sirotol ladzīna an ngamta ngalaihim ghoiril maghdlūbi ngalaihim waladl dlolīn.

꧋ꦲꦠꦱ꧀ꦄꦱ꧀ꦩꦢꦭꦺꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦩꦲꦲꦱꦶꦃ꧈ꦱꦢꦪꦥꦔꦭꦺꦩ꧀ꦧꦤꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦢꦪꦔꦭꦩ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦪꦩꦠ꧀꧈ꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦠꦼꦝꦃꦲꦶꦁꦏꦶꦠꦝꦠꦼꦁꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦊꦉꦱ꧀꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦏꦤꦶꦏ꧀ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦱꦱꦂ꧉

Atas asma dalem Gusti Alloh ingkang maha mirah tur maha asih | Sadaya pangalembana koñjuk ing ngarsanipun Gusti Alloh ingkang mangérani sadaya ngalam | Ingkang maha mirah tur welas asih | ingkang ngratoni dinten kiyamat | Namung pañjenengan ingkang kula sembah, lan namung pañjenengan ingkang kula suwuni pitulung | Mugi paring pitedhah ing kita dhateng margi ingkang leres | nggih punika marginipun para tiyang ingkang pañjenengan paringi kanikmatan, sanés marginipun para tiyang ingkang kabendon lan kesasar.

ꦱꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦔꦺꦲꦶꦏꦸꦩꦕꦲ꧇

Sarampungé iku macaa :

رَبِّ اغْفِرْلِي آمِينْ _____ ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧈ꦄꦴꦩꦷꦤ꧀꧈

Robbighfir lī Āmin,

ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈ꦩꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈ꦩꦸꦒꦶꦔ꧀ꦭꦼꦏ꧀ꦱꦤꦤꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧉

Dhuh Pangéran kula, mugi ngapuntena ing kula, mugi ngleksanana ing panuwun kula.
ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦕꦲꦱꦸꦫꦠ꧀ꦱꦏꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦥꦩꦕꦩꦸꦏꦸꦢꦸꦕꦼꦛꦭꦤ꧀ꦢꦶꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦥꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺ꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦏꦪꦤꦭꦶꦏꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳꧀ꦫꦺꦴꦩ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦧꦧꦉꦁꦔꦤ꧀ꦩꦕꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂ꧇
bañjur macaa surat saka kuran, pamacamu kudu cetha lan diangen-angen apa tegesé. Yèn uwis, bañjur angkaten tanganmu loro pisan kaya nalika takbirotul ihram, bañjur rukuk babarengan maca takbir :
الله أكبر _____ ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦸꦄꦏ꧀ꦧꦂ
Allohu Akbar
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦲꦲꦒꦸꦁ]
[Gusti Alloh maha Agung]
(ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦔꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧔꧇ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧕)
(andelenga gambar 4 tumuli nomer 5)
ꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦒꦼꦒꦼꦂꦭꦤ꧀ꦒꦶꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦸꦢꦸꦫꦠ꧈ꦠꦔꦤ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀꧈ꦱꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦩꦕꦲ꧇
Rukuk iku geger lan githok kudu rata, tangan kiwa tengen nyekel dhengkul, sajeroné rukuk macaa :
سُبْحَانَكَ اللّهُمَّ رَبَّنَا وَبِحَمْدِكَ اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي
ꦱꦸꦧ꧀ꦲꦴꦤꦏꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦧꦶꦲꦩ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧉
Subhānakallohumma robbanā wabihamdika, allohummaghfirlī.

ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧈ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦥꦔꦏ꧀ꦱꦩꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧉

Pañjenengan punika maha suci, dhuh Ghusti Alah, pangéran kita, kanthi mangalembana ing pañjenengan dhuh Gusti Alloh mugi paringa pangaksama dhateng kula.
ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸ꧈ꦱꦶꦫꦃꦩꦸꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦆꦏ꧀ꦠꦶꦢꦭ꧀ꦱꦂꦠꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦸꦒꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦔꦼꦤ꧀ꦏꦪꦤꦭꦶꦏꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳ꦿꦩ꧀꧉(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧖꧇)ꦏꦫꦺꦴꦩꦸꦤꦶ꧇
sawisé iku, sirahmu angkaten prelu Iktidal sarta tanganmu loro pisan uga juñjungen kaya nalika takbirotul Ihram. (kaya gambar ongka 6) karo muni :
سَمِعَ الله لِمَنْ حَمِدَه | ꦱꦩꦶꦔꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦭꦶꦩꦤ꧀ꦲꦩꦶꦢꦃ꧉
Samingallohu liman hamidah.
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀꧉]
[Gusti Alloh midhangetaken dhateng tiyang ingkang mangalembana ing Pañjenengan.]
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦢꦼꦒ꧀ꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧗꧇ꦩꦕꦲ꧇
Yén wis ngadeg jejeg kaya gambar ongka 7 macaa :
رَبَّنَا وَلَكَ الحَمْدُ | ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦭꦏꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸ
Robbana Walakal hamdu
[ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪꦥꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧉]
[Dhuh Pangéran kita, lan sadaya pangalembana punika kagungan Pañjenengan.]

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂ꧈ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦺ꧇ꦚꦺꦭꦺꦃꦤꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀ꦩꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦺꦢ꧀ꦭꦩꦏꦤ꧀ꦩꦸꦲꦤꦔ꧀ꦭꦼꦩꦃ꧈ꦤꦸꦭꦶꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸ꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦧꦛꦸꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦫꦸꦁꦩꦸ
(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧘꧇)

Bañjur sujudda kanathi takbir, pratikelé : nyéléhna dhengkulmu lan pucuké dlamakanmu ana nglemah, nuli tanganmu, bañjur bathuk lan irungmu
(kaya gambar nomer 8)



ꦱꦫꦤꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦢꦿꦶꦗꦶꦩꦸꦩꦫꦁꦏꦺꦧ꧀ꦭꦠ꧀꧈ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦁꦒꦁꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦱꦏꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦸꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦱꦶꦏꦸꦠ꧀ꦩꦸ
(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧙꧇)

Sarana ngadhep pucuk-pucuking drijimu marang kéblat, ambenggang tanganmu saka lambungmu lan añjuñjung sikutmu
(kaya gambar 9)


ꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦩꦕꦲ꧇

Nalika iku macaa :

سُبْحَانَكَ اللّهُمَّ رَبَّنَا وَبِحَمْدِكَ اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي

ꦱꦸꦧ꧀ꦏ꦳ꦴꦤꦏꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦧꦶꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧉

Subhānakallohumma robbanā wabihamdika, allohummaghfirlī.

=====
===
=

[ BAGIAN KEDUA ]

Tampilkan 0 Komentar
Sembunyikan Komentar

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel