Sěrat Dèwaruci - Versi Jawa Wrědi : Bubuka
DESKRIPSI NASKAH | ||
Judul | : | Sěrat Dèwaruci |
Tipe | : | Terbitan |
A / B | : | Jawa / Jawa kuna |
Bentuk | : | Tembang |
Ikhtisar | : | Kisah perjalanan sang Werkudara alias Bima، alias Bimasuci، ketika mencari jati diri, yang dalam ajaran tasawuf disebut dengan guru sajati atau hak sajati. |
PROFIL | ||
Pengarang | : | Mangun Wijaya |
Penyalin | : | Ref. Nama |
Penerbit | : | Tahun |
Tahun | : | Tahun |
FISIK | ||
Media | : | Lontar / Daluang / Kertas Eropah / HVS |
Dimensi | : | P x L x T |
Halaman | : | Jumlah halaman |
Keterangan | : | Keterangan tambahan |
KATALOG | ||
Sumber | : | Nawapustaka |
Katalog | : | NP000000 |
Model | : | Asli / Salinan |
DIGITALISASI | ||
Tanggal | : | Tanggal digitalisasi |
Pemindaian | : | Diaz Nawaksara |
Pengetikan | : | Diaz Nawaksara |
Alih_aksara | : | Diaz Nawaksara |
Terjemahan | : | Diaz Nawaksara |
Fonta | : | Jenis font |
Berkas | : | *pdf / *docx /*txt tersedia |
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀
꧋ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶ꧉
ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦮꦽꦢꦶ꧉
CÈTAKAN YANG KA I.
ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦏꦱꦢꦺꦢꦺꦤꦶꦁ:
ꦠꦤ꧀ꦓꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦶ- ꦏꦼꦝꦶꦫꦶ
꧑꧙꧒꧒
꧁꧂ | |
꧋ꦧꦸꦧꦸꦏ꧉ | |
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶ꧉ | |
. | ꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦩꦮꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦏꦮꦶꦱꦼꦏꦂꦲꦒꦼꦁ꧈ꦒꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦩꦼꦤꦁ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦝꦶꦫꦶ꧉ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏꦮꦲꦸꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦗꦶꦱꦏ꧈ꦠꦶꦩꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦗꦏꦱꦁꦏꦭ꧈ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦲꦁꦒꦗꦭꦶ꧈ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦗꦿꦤ꧀꧈ꦠꦤꦃꦔꦫꦧ꧀꧉ |
. | Sěrat Dèwaruci punika ing ngajěng mawi těmbang Kawi Sěkar Agěng, anggitanipun ěmpu Widayaka ing nagari Maměnang, inggih ing Kaḍiri.Ěmpu Widayaka wau inggih Ajisaka, timuripun nama Jaka Sangkala, putranipun ěmpu Anggajali, ibunipun putri ing nagari Najran, tanah Ngarab. |
. | ꧋ꦱꦂꦠꦲꦗꦶꦱꦏꦮꦲꦸꦱꦶꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦩꦲꦺꦴꦭꦤꦔꦸꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦔꦗꦶꦢ꧀ꦫ꧈ꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦢꦶꦧꦾꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦨꦤꦶꦱꦿꦆꦭ꧀ꦔꦫꦧ꧀꧉ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦗꦶꦱꦏꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦠꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦗꦮꦠ꧈ꦧꦧ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦸ꧈ꦠꦮꦶꦏꦮꦿꦸꦃꦏꦢꦶꦧꦾꦤ꧀ꦏꦤꦸꦫꦒꦤ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦏ꧀ꦏꦕꦏꦸꦥ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦗꦶꦱꦏꦱꦢꦪ꧉ꦥꦫꦢꦺꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦶꦤꦁꦏꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦫꦺꦴꦤꦶꦱꦢꦪ꧉ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦗꦶꦢꦂꦩ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦗꦶꦤꦶꦂꦩꦭ꧉ |
. | Sarta Ajisaka wau siswanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, raja panḍita dibya ing nagari Banisrail Ngarab. Punapadèné Ajisaka wau lajěng puruhita ḍatěng para Jawata, bab kawruh kamuksan, utawi kawruh kadibyan kanuragan sasaminipun, sampun tumplak kacakup dèning Ajisaka sadaya. Para dèwa ingkang linangkung sampun dipun guroni sadaya. Kados ingkang kasěbut ing Sěrat Ajidarma, tuwin Sěrat Ajinirmala. |
. | ꧋ꦩꦶꦭꦲꦗꦶꦱꦏꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸ꧉ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈ꦩꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦦꦤ꧀ꦝꦶꦠꦱꦠꦸꦱ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃ꧈ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏ꧉ |
. | Mila Ajisaka punika kawruhipun langkung pinunjul sasamining ěmpu. Mungěl ing Sěrat Panitisastra, manawi wontěn ěmpu ingkang sagěd ngawonakěn panḍita satus, ingkang putus ing kawruh, punika sawěg sami kaliyan kawruhipun ěmpu Widayaka. |
. | ꧋ꦲꦩꦶꦭꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦱꦩꦶꦱꦩꦶꦮꦼꦮꦫꦃꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦢꦺꦮꦠꦤ꧀꧈ꦏꦧꦸꦢꦤ꧀꧈ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦮꦭꦶ꧈ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦸꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦥꦛꦶꦤꦶꦁꦲꦒꦩꦶꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧌ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦩꦏꦿꦶꦥꦠ꧀꧍ꦝꦱꦂꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏꦮꦻꦴ꧈ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦩꦸꦁꦮꦱꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦩꦲꦺꦴꦭꦤꦔꦸꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦔꦗꦶꦢ꧀꧈ꦲꦶꦁꦨꦤꦶꦱꦿꦆꦭ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧌ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧍ꦩꦶꦭꦭꦪꦏ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦮꦲꦸ꧈ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦭꦸꦫꦶꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦫꦮꦭꦶ꧉ |
. | Amila Sěrat Dèwaruci punika, sami-sami wěwarah kamuksan jaman kadèwatan, kabudan, dipun rěměni piyambak dèning para wali, awit suraosipun cunḍuk sangět kaliyan kawruh paṭining agami Islam (Ngèlmi Makripat) ḍasar sajatosipun, ěmpu Widayaka wau, měnggahing kawruh kasampurnan, ingkang dipun èsṭi ing salěběting batos amung wasitanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, ing Banisrail kasěbut ing nginggil (Islam) mila layak kèmawon Sěrat Dèwaruci wau, dipun lěluri dèning para wali. |
. | ꧋ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦂꦮꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦱꦶꦤꦮꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦩꦕꦥꦠ꧀꧈ꦏꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦨꦺꦤꦁ꧉ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈ꦩꦭꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦛꦏ꧀꧈ꦲꦤꦔꦶꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦁꦏꦺꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉ꦱꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦏꦭꦪꦤ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀꧉ꦲꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧉ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦂꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦩꦱ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦩꦔꦸꦤ꧀ꦮꦶꦗꦪꦲꦶꦁꦮꦤꦒꦶꦫꦶ꧌ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧍꧉ |
. | Dèné ingkang jarwakakěn mawi sinawung ing sěkar macapat, Kangjěng Susuhunan Bènang. Sarta sampun suměbar ing kaṭah, malah sampun naté dipun ciṭak, ananging dumugi samangké dèrèng dipun wardèni. Sapunika sampun kalampahan dipun wardèni kalayan jangkěp. Awěwaton saking sěrat warni-warni. Ingkang mardèni Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri (Surakarta). |
꧁ꦠꦲꦸꦤ꧀꧂ | |
1922-1852 |
Terimakasih banyak, blog ini sangat membantu. Semoga sukses :)
ReplyDelete