Nawapustaka

Blogroll

Postingan Terbaru

Kitab Pasalatan Moehammadijah Tahun 1937 : Bagian II

Pasalatan Moehammadijah
DESKRIPSI NASKAH
Judul : Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih
Tipe : Terbitan
A / B : Jawa / Jawa Carkan
Bentuk : Prosa
Ikhtisar : Tuntunan tata cara melaksanakan sholat menurut putusan Majlis Tarjih Moehammadijah tahun 1937 disertai dengan gambar dan keterangan bacaan doa-doa, menggunakan huruf arab dan jawa.
PROFIL
Penyusun : Majlis Tarjih
Penerbit : Penerbitan Boekoe Sekolah Moehammadijah
Tempat : Yogyakarta
Tahun : 1357 H / 1937 M
FISIK
Media : HVS
Dimensi : 15 x 21 cm
Halaman : 24 halaman + 4 halaman cover terisi
Keterangan : Disertai 17 gambar fotografi
KATALOG
Sumber : Nawapustaka
Katalog : NP/T/Jv-023
Model : Salinan
DIGITALISASI
Tanggal : 28-03-2017
Pemindaian : Diaz Nawaksara
Pengetikan : Diaz Nawaksara
Alih_aksara : Diaz Nawaksara
Terjemahan : -
Fonta : Notosans Javanese.ttf
Berkas : *docx tersedia
꧋ꦥ ꦱ ꦭ ꦠ꧀ꦠ ꦤ꧀꧉
(ꦩ ꦤꦸ ꦠ꧀ꦥ ꦤꦶ ꦠꦶ ꦤꦶ ꦥꦸ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ ꦩꦸ ꦏ꦳ ꦩ꧀ꦩ ꦢꦶ ꦪꦃ)
Pasalatan Manut Panitinipun Majlis Tarjih Muhammadiyah

ꦤꦸꦭꦶꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦫꦃꦩꦸꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦏꦁꦲꦤ꧀ꦠꦼꦁ꧈(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧐꧇) ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦸꦤꦶ꧇

Nuli angkaten sirahmu kanthi takbir lan lungguha kang anteng, (kaya gambar nomer 10) Bañjur muni :

اللهّمَ اغْفِرْ لِيْ وَارْحَمْنِيْ وَاجْبُرْنِيْ وَاهْدِنِيْ وَارْزُقْنِيْ٭

ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷꦮꦂꦏ꦳ꦩ꧀ꦤꦷꦮꦗ꧀ꦧꦸꦂꦤꦷꦮꦲ꧀ꦢꦶꦤꦷꦮꦂꦗ꦳ꦸꦏ꧀ꦤꦷ꧉

Allohummaghfirlī warhamnī wajburnī wahdinī warzuknī.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦔꦱꦶꦃꦲꦤꦤꦼꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀ꦭꦤꦤꦼꦢꦃꦤꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦫꦶꦁꦔꦤꦫꦶꦗꦼꦏꦶꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧉

[Dhuh Gusti Alloh, mugi ngapuntena, ngasihana, nembelana, nedahna tuwin maringana rijeki dhateng kula.]

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦩꦤꦺꦃꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦲꦸꦒꦩꦕꦠꦱ꧀ꦧꦶꦃ꧈ꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦪꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦏꦁꦏꦥꦶꦱꦤ꧀꧈ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦶꦫꦃꦩꦸꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈ꦲꦸꦒꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦱꦢꦺꦭ (ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧑꧐꧇)
Bañjur sujudda manéh kanthi takbir lan uga maca tasbih, ana ing kono kaya sujud kang kapisan, sawisé iku sirahmu angkaten, uga kanthi takbir lan lungguha sadéla (kaya gambar ongka 10)

===ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦱꦩꦺꦤꦺꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦪꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀===

=== tumindak tekan saméné iki diarani sarokangat ===

⚜ ⚜ ⚜ ⚜

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦢꦼꦒ꧀ꦒꦩꦼꦚꦠ꧀ꦊꦩꦃꦥꦽꦭꦸꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ꧉ꦲꦶꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦲꦶꦏꦶꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦥꦶꦱꦤ꧀꧈ꦩꦸꦁꦧꦲꦺꦲꦺꦴꦫꦲꦸꦱꦃꦩꦕꦢꦺꦴꦔꦆꦥ꧀ꦠꦶꦠꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦄꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ꧈ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦤꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦔꦤ꧀ꦥꦢꦭ꧀ꦤ꧉(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧑꧇)

Bañjur ngadega menyat lemah prelu nindakaké rokangat kang kapindho.
Ing rokangat kang kapindho iki nindakna kaya déné rokangat kapisan, mung baé ora usah maca donga Iftitah, lan sawisé sujud ambal pindho, sikilmu kiwa lungguhana lan kang tengan padalna. (kaya gambar nomer 11)


ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦏꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦁꦤꦲꦶꦁꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀꧈ꦠꦔꦤ꧀ꦏꦶꦮꦩꦼꦒꦂꦢꦿꦶꦗꦶꦤꦺ꧉ꦏꦁꦠꦼꦔꦤ꧀ꦗꦼꦤ꧀ꦛꦶꦏ꧀ꦩꦤꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦤꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦺꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦤ꧈ꦥꦤꦸꦢꦸꦃꦲꦺꦲꦕꦸꦁꦤ꧈ꦢꦺꦤꦺꦗꦼꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀ꦭꦺꦥꦽꦤꦃꦤꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦁꦒꦸꦭ꧀꧉(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧒꧇)ꦭꦤ꧀ꦩꦕꦲꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Tanganmu karo pisan tumpangna ing dhengkul, tangan kiwa megar drijiné. Kang tengan jenthik manis lan panunggulé gegemna, panuduhé acungna, déné jempolé prenahna ing panunggul. (kaya gambar nomer 12) lan macaa tasyahud mangkéné :

التَّحِيَّاتُ للهِ وَالصَّلَوَاتُ وَالطَّيِّبَات˚السَّلاَمُ عَلَيْكَ اَيُّهَا النَّبِىُّ وَرَحْمَةُ الله وَبَرَكَاتُهُ˚السَّلاَمُ عَلَيْنَا وَعَلَى عِبَادِالله الصَّالِحِينَ˚اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ الله˚وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسَولَهُ٭

ꦄꦠ꧀ꦠꦏ꦳ꦶꦪ꧀ꦪꦴꦠꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦃ꧈ꦮꦰ꧀ꦱꦺꦴꦭꦮꦴꦠꦸꦮꦛ꧀ꦛꦺꦴꦪ꧀ꦪꦶꦧꦴꦠ꧀꧉ꦄꦱ꧀ꦱꦭꦴꦩꦸꦔꦭꦻꦏꦄꦪ꧀ꦪꦸꦲꦤ꧀ꦤꦧꦶꦪ꧀ꦪꦸꦮꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦠꦸꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦶꦮꦧꦫꦺꦴꦏꦴꦠꦸꦃꦄꦱ꧀ꦱꦭꦴꦩꦸꦔꦭꦻꦤꦴꦮꦔꦭꦴꦔꦶꦧꦴꦢꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦰ꧀ꦱꦺꦴꦭꦶꦲꦷꦤ꧀꧉ꦄꦯ꧀ꦲꦢꦸꦄꦭ꧀ꦭꦴꦆꦭꦴꦲꦆꦭ꧀ꦭꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧉ꦮꦄꦯ꧀ꦲꦢꦸꦄꦤ꧀ꦤꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢꦤ꧀ꦔꦧ꧀ꦢꦸꦲꦹꦮꦫꦺꦴꦱꦹꦭꦸꦃ꧉

Attahiyyātu lillāh, waṣṣolawātu wattoyyibāt, Assalāmu ngalaika ayyuhan nabiyyu warohmatulloh wabarokātuh, Assalāmu ngalainā wa ngalā ngibādillāhi shsholihīn, Asyhadu allā Ilāha Illalloh, Wa Asyhadu anna muhammadan abduhū warosūluh.

꧋ꦱꦢꦪꦥꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱꦭꦠ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦱꦲꦺꦤꦤ꧀꧈ꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦲꦶꦁꦥꦢꦸꦏꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦫꦺꦴꦲ꧀ꦩꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦂꦏꦃꦢꦊꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦏꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦲꦶꦁꦏꦶꦠꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦢꦊꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦲꦺꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦸꦭꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦗꦮꦶꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦸꦭꦤꦼꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦮꦸꦭꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦈꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧉

Sadaya pakurmatan koñjuk ing ngarsa dalem Gusti Alloh, makaten ugi salat tuwin kasaénan, Kawilujengan mugi tetepa ing paduka kangjeng nabi punapa malih rohmat lan barkah dalem Gusti Alloh, Kawilujengan mugi tetepa ing kita lan kawula dalem Gusti Alloh ingkang saé lampahipun, Kula nekséni boten wonten pangéran kajawi Gusti Alloh, Lan kula nekséni Kangjeng nabi Muhammad punika kawula tuwin utusanipun Gusti Alloh.

ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲꦰꦭꦮꦠ꧀꧇

Nuli macaa ṣalawat :

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ˚وَ عَلَى آلِ مُحَمَّدٍ˚كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى اِبْرَاهِيمَ˚وَ آلِ اِبْرَاهِيمَ˚وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ˚وَ آلِ مُحَمَّدٍ˚كَمَا بَارَكْتَ عَلَى اِبْرَاهِيمَ˚وآلِ اِبْرَاهِيمَ˚اِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ٭

ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦰꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶꦔꦭꦴꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦮꦔꦭꦴꦄꦴꦭꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦏꦩꦴꦰꦺꦴꦭ꧀ꦭꦻꦠꦔꦭꦴꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦮꦄꦴꦭꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦮꦧꦴꦫꦶꦏ꧀ꦔꦭꦴꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦮꦄꦴꦭꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦏꦩꦴꦧꦴꦫꦺꦴꦏ꧀ꦠꦔꦭꦴꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦮꦄꦴꦭꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦷꦩ꧀ꦆꦤ꧀ꦤꦏꦏ꦳ꦩꦷꦢꦸꦩ꧀ꦩꦗꦷꦢ꧀꧉

Allohumma sholli ngalā Muhammad, Wangalā āli Muhammad, Kamā shollaita ngalā Ibrohīm, Wa āli Ibrohīm, Wabārik ngalā Muhammad, Wa āli Muhammad, Kamā bārokta ngalā Ibrohīm, Wa āli Ibrohīm, Innaka hamīdum majīd.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦫꦺꦴꦲ꧀ꦩꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦶꦩ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦧꦂꦏꦃꦝꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦱꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦧꦂꦏꦃꦝꦠꦼꦁꦟꦧꦶꦆꦧꦿꦺꦴꦲꦶꦩ꧀꧈ꦱꦏꦮꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦗꦶꦭꦤ꧀ꦩꦲꦩꦸꦭꦾ꧉

Dhuh Gusti Alloh mugi paringa rohmat dhateng Nabi Muhammad, Lan kawula warganipun, Kados ingkang Pañjenengan paringaken dhumateng Nabi Ibrohim, Lan kawula warganipun, Lan mugi paringa barkah dhateng Nabi Muhammad, Sakawula warganipun, Kados déné paring pañjenengan barkah dhateng Nabi Ibrohim, Sakawula warganipun, Saéstu Pañjenengan dzat ingkang pinuji lan maha mulya.

꧋ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔꦲꦩꦫꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸ꧈ꦲꦁꦒꦼꦂꦲꦗꦭꦸꦮꦶꦃꦢꦮꦧꦲꦺꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦢꦺꦴꦔꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈ꦲꦸꦥꦩ꧇

Bañjur andongaa marang Pangéran sakarepmu, angger aja luwih dawa baé tinimbang donga tasyahud pungkasan, upama :

اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي | ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ

꧋ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦔꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦏꦠꦼꦭꦸꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂꦭꦤ꧀ꦲꦸꦒꦔꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦠꦠꦔꦤ꧀ꦏꦪꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦲꦿꦩ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦼꦝꦏꦼꦥ꧀ꦥ(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧓꧇ꦭꦤ꧀꧇꧑꧔꧇)

Tumuli ngadega kanggo rokangat kang katelu kanthi takbir lan uga ngangkata tangan kaya takbirotul ihram, bañjur sedhakepa (kaya gambar nomer 13 lan 14)


꧋ꦱꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦲꦸꦪꦺꦤ꧀ꦱꦭꦠ꧀ꦩꦸꦏꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦠꦼꦭꦸꦲꦸꦠꦮꦥꦠꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦏꦺꦫꦶꦲꦶꦏꦶꦲꦸꦠꦮꦏꦁꦏꦠꦼꦭꦸ꧈ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦏꦪꦲꦶꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦏꦁꦝꦶꦱꦶꦏ꧀꧈ꦩꦸꦁꦧꦲꦺꦕꦸꦏꦸꦥ꧀ꦩꦕꦥ꦳ꦠꦺꦏ꦳ꦃꦛꦺꦴꦏ꧀꧈ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦁꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Samono mau yén salatmu kang bongsa telu utawa patang rokangat, lan ana ing rokangat loro kéri iki utawa kang katelu, nindakna kaya ing rokangat loro kang dhisik, mung baé cukup maca fatéhah thok, sawusé rokangat kang pungkasan bakda sujud kapindhol ungguha mangkéné :

꧋ꦱꦶꦏꦶꦭ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦲꦗꦺꦴꦏ꧀ꦤ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦥꦢꦭ꧀ꦤꦱꦂꦠꦧꦺꦴꦏꦺꦴꦁꦩꦸꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦤꦲꦶꦁꦭꦺꦩꦺꦏ꧀(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧕꧇)

Sikilmu kiwa ajokna, lan kang tengen padalna sarta bokongmu lungguhna ing lémék (kaya gambar nomer 15)


ꦭꦤ꧀ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦩꦼꦒꦂ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦒꦼꦒꦼꦩ꧀ꦩꦏꦺ꧈ꦏꦪꦲꦶꦁꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦄꦮꦭ꧀꧈(ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦔꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧑꧖꧇)
ꦭꦤ꧀ꦩꦕꦲꦠꦯꦲꦸꦢ꧀ꦭꦤ꧀ꦯꦲꦢꦠ꧀ꦏꦪꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦔꦉꦥ꧀ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦩꦕꦲꦢꦺꦴꦔ꧇

Lan tanganmu kiwa megar, lan kang tengen digegemaké, kaya ing tasyahud awal, (andelenga gambar 16)
Lan macaa tasyahud lan syahadat kaya kang kasebut ngarep tumuli macaa donga :

اللهُمَّ اِنِّى اَعُوْذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَمِنْ عَذَابِ اْلقَبْرِ˚وَ مِنْ فِتْنَةِ اْلمحْيَا وَاْلممَاتِ وَمِنْ شَرِّ فِتْنَةِ اْلمَسِيْحِ الدَّجَّالِ٭

ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦆꦤ꧀ꦤꦷꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦏꦩꦶꦤ꧀ꦔꦢ꦳ꦴꦧꦶꦗꦲꦤ꧀ꦤꦩꦮꦩꦶꦤ꧀ꦔꦢ꦳ꦴꦧꦶꦭ꧀ꦐꦺꦴꦧꦿꦶ꧈ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦥ꦳ꦶꦠ꧀ꦤꦠꦶꦭ꧀ꦩꦲ꧀ꦪꦴꦮꦭ꧀ꦩꦩꦴꦠꦶꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦥ꦳ꦶꦠ꧀ꦤꦠꦶꦭ꧀ꦩꦱꦷꦲꦶꦢ꧀ꦢꦗ꧀ꦗꦴꦭ꧀꧉

Allohumma Innī Angūdzubika min ngadzābi jahannama wamin ngadzābil kobri꧈ Wamin fitnatil mahyā walmamāti wamin syarri fitnatilmasīhid dajjāl.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦏꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦲꦶꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦶꦏ꧀ꦱꦗꦲꦤ꧀ꦤꦩ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦏ꧀ꦱꦏꦸꦧꦸꦂ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦠ꧀ꦤꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦗꦃꦭꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁ꧈ꦱꦂꦠꦱꦏꦶꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦶꦠ꧀ꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦭꦭꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦏꦁꦢꦺꦴꦫ꧉

Dhuh Gusti Alloh, kula nyuwun reksa ing Pañjenengan saking siksa jahannam, lan siksa kubur, Tuwin saking pitnah ing pejah lan gesang, sarta saking awoning pitnahipun tiyang lalana ing kang tukang dora.

ꦮꦱꦤꦱꦭꦩ꧀ꦩꦱꦫꦤꦩꦺꦔꦺꦴꦤꦼꦔꦼꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦩꦔꦶꦮ꧈ꦏꦫꦺꦴꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦁꦔꦤ꧀ꦠꦶꦥꦶꦥꦶꦩꦸꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦏꦧꦸꦫꦶ꧈(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧗꧇)

Wasana salama sarana méngo nengen nuli mangiwa, karo-karoné sing nganti pipimu katon saka buri, (kaya gambar nomer 17)

ꦭꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦩꦲꦸꦧꦧꦉꦁꦔꦤ꧀ꦩꦸꦤꦶ꧇
Lan karo-karoné mau babarengan muni :

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَ بَرَكَاتُهُ
ꦄꦱ꧀ꦱꦭꦴꦩꦸꦔꦭꦻꦏꦸꦩ꧀ꦮꦫꦺꦴꦲ꧀ꦩꦠꦸꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦶꦮꦧꦫꦺꦴꦏꦴꦠꦸꦃ꧉
Assalāmu ngalaikum warohmatullohi wabarokātuh.

ꦏꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦸꦒꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦧꦺꦃ꧈ꦄꦥꦩꦤꦺꦃꦫꦺꦴꦃꦩꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦂꦏꦃꦲꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧉
Kaslametan muga tetepa marang kowé kabéh, apa manéh rohmat lan barkah ing Alloh.

ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦭꦠ꧀ꦱꦸꦧꦸꦃ꧈ꦪꦲꦶꦏꦸꦩꦸꦁꦫꦺꦴꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀꧈ꦆꦁꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀(ꦫꦺꦴꦏꦔꦠ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴ)ꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦢꦼꦒ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦫꦸꦏꦸꦏ꧀(ꦆꦏ꧀ꦠꦶꦢꦭ꧀)ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦩꦕꦢꦺꦴꦔ꧇ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦭꦏꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸ꧇[رَبَّنَا وَلَكَ الحَمْدُ]ꦩꦕꦲꦢꦺꦴꦔꦏꦸꦤꦸꦠ꧀ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Yén kowé salat subuh, yaiku mung rong rokangat, ing rokangat pungkasan (rokangat kapindho) ana ing ngadeg bakda rukuk (Iktidal) sawisé maca donga Robbanā walakal hamdu, Macaa donga kunut mangkéné :

اَللّهُمَّ اهْدِنِىْ فِيْمَنْ هَدَيْتَ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦲ꧀ꦢꦶꦤꦷꦥ꦳ꦷꦩꦤ꧀ꦲꦢꦇꦠ꧀꧈
Allohummah dinī fī man hadait,

وَعَافِنِى فِيْمَنْ عَافَيْتَ
ꦮꦔꦴꦥ꦳ꦶꦤꦷꦥ꦳ꦷꦩꦤ꧀ꦔꦴꦥ꦳ꦇꦠ꧀꧈
Wangāfinī fīman ngāfait,

وَتَوَلَّنِىْ فِيْمَنْ تَوَلَّيْتَ
ꦮꦠꦮꦭ꧀ꦭꦤꦷꦥ꦳ꦷꦩꦤ꧀ꦠꦮꦭ꧀ꦭꦇꦠ꧀꧈
Watawallanī fīman tawallait,

وَبَارِكْ لِىْ فِيْمَا اَعْطَيْتَ
ꦮꦧꦴꦫꦶꦏ꧀ꦭꦷꦥ꦳ꦷꦩꦴꦄꦏ꧀ꦛꦺꦴꦇꦠ꧀꧈
Wabāriklī fīmā akthoit,

وَقِنِيْ شَرَّمَا قَضَيْتَ
ꦮꦐꦶꦤꦷꦯꦂꦫꦺꦴꦩꦴꦐꦺꦴꦭ꦳ꦺꦴꦇꦠ꧀꧈
Wakinī syarro mā kodloit,

فَاِ نَّكَ تَقْضِىْ وَلاَ يُقْضَى عَلَيْكَ
ꦦ꦳ꦆꦤ꧀ꦤꦏꦠꦏ꧀ꦭ꦳ꦷꦮꦭꦴꦪꦸꦏ꧀ꦭ꦳ꦺꦴꦔꦭꦇꦏ꧀꧈
Fainnaka takdlī walā yukdlo ngalaik,

وَاِ نَّهُ لاَ يَذِلُّ مَنْ وَالَيْتَ
ꦮꦆꦤ꧀ꦤꦲꦹꦭꦴꦪꦢ꦳ꦶꦭ꧀ꦭꦸꦩꦤ꧀ꦮꦴꦭꦇꦠ꧀꧈
Wainnahū lā yadzillu man wālait,

تَبَارَكْتَ رَبَّنَا وَتَعَالَيْتَ
ꦠꦧꦴꦫꦏ꧀ꦠꦫꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦠꦔꦴꦭꦇꦠ꧀꧉
Tabārakta rabbanā wa tangālait.

꧋ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦥꦶꦠꦼꦢꦃꦲꦶꦁꦏꦸꦭꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦔꦱꦶꦃꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦱꦶꦃꦲꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦂꦏꦃꦲꦤꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈ꦱꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦔꦽꦏ꧀ꦱꦲꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈ꦩꦶꦭꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦱ꧀ꦛꦶꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦱ꧀ꦛꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦤꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦶꦃꦲꦶ꧈ꦩꦲꦱꦸꦕꦶꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧈ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦭꦤ꧀ꦦꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦩꦲꦭꦸꦲꦸꦂ꧉

Dhuh Gusti Alloh, mugi paringa pitedah ing kula kados tiyang ingkang pañjenengan tedahaken | Lan ngpuntena ing kula, kados tiyang ingkang Pañjenengan haputen | Lan ngasihana ing kula, kados tiang ingkang Pañjenengan sihi | Lan ambarkahana dhateng kula, sabarang ingkang sampun Pañjenengan paringaken | Lan ngreksaa kula ing awoning barang ing kang Pañjenengan pasthi | Mila Pañjenengan ingkang masthi lan boten dipun pasthi | Lan saéstu boten hina tiyang ingkang Pañjenengan sihi | Maha suci Pañjenengan, dhuh Pangéran kita, lan Pañjenengan maha luhur.

ꦲꦸꦠꦮꦩꦕꦢꦺꦴꦔꦏꦁꦱꦏꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦏꦪꦠ꧇

utawa maca donga kang saka quran, kaya ta :

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦄꦴꦠꦶꦤꦴꦥ꦳ꦶꦢ꧀ꦢꦸꦤ꧀ꦪꦴꦏ꦳ꦱꦤꦠꦤ꧀ꦮꦥ꦳ꦶꦭ꧀ꦄꦴꦑꦶꦫꦺꦴꦠꦶꦏ꦳ꦱꦤꦠꦤ꧀ꦮꦐꦶꦤꦴꦄꦢ꦳ꦴꦧꦤ꧀ꦤꦴꦂ꧉/td>

Robbanā ātinā fiddun-yā hasanatan wafil ākhiroti hasanatan wakinā adzābannār.

ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦩꦸꦒꦶꦩꦫꦶꦁꦔꦤꦏꦱꦲꦺꦤꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦠ꧈ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦭꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦄꦑꦺꦫꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦔꦽꦏ꧀ꦱꦲꦏꦶꦠꦱꦏꦶꦁꦱꦶꦏ꧀ꦱꦤꦫꦏ꧉

Dhuh Pangéran kita, mugi maringana kasaénan dhateng kita, wonten ing donya lan wonten ing Akhérat lan ngreksaa kita saking siksa naraka.

⚜ ⚜ ⚜ ⚜ ⚜

꧁ ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦄꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧉ ꧂
سُورَة النَّاسِ
Surat An-naas.



قُلْ اَعُوْذُ بِرَبِّ النَّاسِۙ˚مَلِكِ النَّاسِۙ˚ اِلٰهِ النَّاسِۙ˚مِنْ شَرِّ الْوَسْوَاسِ الْخَنَّاسِۖ˚ الَّذِيْ يُوَسْوِسُ فِيْ صُدُوْرِ النَّاسِۙ˚ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ٭
ꦐꦸꦭ꧀ꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦩꦭꦶꦏꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦆꦭꦴꦲꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦭ꧀ꦮꦱ꧀ꦮꦴꦱꦶꦭ꧀ꦑꦺꦴꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦪꦸꦮꦱ꧀ꦮꦶꦱꦸꦥ꦳ꦷꦰꦸꦢꦹꦫꦶꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧈ꦩꦶꦤꦭ꧀ꦗꦶꦤ꧀ꦤꦠꦶꦮꦤ꧀ꦤꦴꦱ꧀꧉
Qul angūdzu birobbinnās | Malikinnās | Ilaahinnās | Min syarril waswāsil khannās | Alladzī yuwaswisu fī shudūrinnās | Minal jinnati wannās.

꧋ꦱꦶꦫꦝꦮꦸꦃꦲꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧇ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦫꦠꦸꦤꦶꦁꦥꦫꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦩꦸꦒꦶꦏꦉꦏ꧀ꦱꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦯꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦤꦔꦿꦶꦫꦶꦝꦸ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦁꦒꦺꦴꦝꦲꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦱꦏꦶꦁꦗꦶꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦩꦤꦸꦁꦱ꧉

Sira dhawuha Muhammad : kawula nyuwun reksa dhateng Pangéraning manungsa | Inggih ratuning para manungsa | Inggih sasembahaning manungsa | Mugi kareksa saking piawonipun Syetan ingkang tansah ngriridhu | Ingkang tansah anggodha ing manahipun para manungsa | Saking jin tuwin para manungsa.

⚜ ⚜ ⚜ ⚜ ⚜

꧁ ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦄꦭ꧀ꦥ꦳ꦭꦐ꧀꧉ ꧂
سُورَة الفَلَقِ
Surat Al-falaq.



قُلْ اَعُوْذُ بِرَبِّ الْفَلَقِۙ˚ مِنْ شَرِّ مَا خَلَقَۙ˚ وَمِنْ شَرِّ غَاسِقٍ اِذَا وَقَبَۙ˚ وَمِنْ شَرِّ النَّفّٰثٰتِ فِى الْعُقَدِۙ˚ وَمِنْ شَرِّ حَاسِدٍ اِذَا حَسَدَ٭
ꦐꦸꦭ꧀ꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦫꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦥ꦳ꦭꦐ꧀꧈​ꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦩꦴꦑꦺꦴꦭꦐ꧀꧈​ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦓꦺꦴꦱꦶꦐꦶꦤ꧀ꦆꦢ꦳ꦴꦮꦐꦺꦴꦧ꧀꧈ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦤ꧀ꦤꦥ꦳꧀ꦥ꦳ꦴꦠ꦳ꦴꦠꦶꦥ꦳ꦶꦭ꧀ꦔꦸꦐꦺꦴꦢ꧀꧈ꦮꦩꦶꦤ꧀ꦯꦂꦫꦶꦏ꦳ꦱꦶꦢꦶꦤ꧀ꦆꦢ꦳ꦴꦏ꦳ꦱꦢ꧀꧉
Qul angūdzu birab bilfalaq | Min syarri mā khalaq | Wamin syarri gosiqin idzā waqob | Wamin syarrin naffātsaati fil nguqod | Wamin syarri hāsidin idzā hasad.

꧋ꦱꦶꦫꦝꦮꦸꦃꦲꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧇ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦠꦼꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦧꦔꦸꦤ꧀꧈ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦫꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦠꦃ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦢꦭꦸꦤꦭꦶꦏꦤꦸꦠꦸꦥ꧀꧈ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦢꦂꦫꦶꦧꦸꦧꦸꦤ꧀ꦝꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈ꦱꦂꦠꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦢꦽꦁꦏꦶꦤꦭꦶꦏꦤꦤ꧀ꦢꦸꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦽꦁꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉

Sira dhawuha Muhammad : kawula nyuwun reksa dhateng Pangéraning wekdal bangun | Saking piawonipun barang ingkang sampun tumitah | Tuwin saking piawonipun wekdal dalu nalika nutup | Makaten ugi saking piawonipun tiyang ingkang ngudari bubundhelan | Sarta saking piawonipun tiyang drengki nalika nandukaken drengkinipun.

꧋ꦠꦩꦠ꧀꧉

T A M A T

Kitab Pasalatan Moehammadijah Tahun 1937 : Bagian I

Pasalatan Moehammadijah
DESKRIPSI NASKAH
Judul : Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih
Tipe : Terbitan
A / B : Jawa / Jawa Carkan
Bentuk : Prosa
Ikhtisar : Tuntunan tata cara melaksanakan sholat menurut putusan Majlis Tarjih Moehammadijah tahun 1937 disertai dengan gambar dan keterangan bacaan doa-doa, menggunakan huruf arab dan jawa.
PROFIL
Penyusun : Majlis Tarjih
Penerbit : Penerbitan Boekoe Sekolah Moehammadijah
Tempat : Yogyakarta
Tahun : 1357 H / 1937 M
FISIK
Media : HVS
Dimensi : 15 x 21 cm
Halaman : 24 halaman + 4 halaman cover terisi
Keterangan : Disertai 17 gambar fotografi
KATALOG
Sumber : Nawapustaka
Katalog : NP/T/Jv-023
Model : Salinan
DIGITALISASI
Tanggal : 28-03-2017
Pemindaian : Diaz Nawaksara
Pengetikan : Diaz Nawaksara
Alih_aksara : Diaz Nawaksara
Terjemahan : -
Fonta : Notosans Javanese.ttf
Berkas : *docx tersedia
꧋ ꦠꦸ ꦤ꧀ꦠꦸ ꦤ꧀ꦤ ꦤ꧀
ꦱ ꦭ ꦠ꧀
ꦩꦶ ꦠꦸ ꦫꦸ ꦠ꧀
ꦥꦸ ꦠꦸ ꦱ꧀ꦱ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ꧉
Tuntunan Salat Miturut Putusan Majlis Tarjih

Pasalatan Moehammadijah

ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ ꧇
PENERBITAN BOEKOE SEKOLAH MOEHAMMADIJAH
ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉
꧋ꦥ ꦱ ꦭ ꦠ꧀ꦠ ꦤ꧀꧉
(ꦩ ꦤꦸ ꦠ꧀ꦥ ꦤꦶ ꦠꦶ ꦤꦶ ꦥꦸ ꦤ꧀ꦩ ꦗ꧀ꦭꦶ ꦱ꧀ꦠꦂ ꦗꦶꦃ ꦩꦸ ꦏ꦳ ꦩ꧀ꦩ ꦢꦶ ꦪꦃ)
Pasalatan Manut Panitinipun Majlis Tarjih Muhammadiyah



ꦏꦉꦁꦒꦩꦮꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧉

ꦕꦥ꧀ꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀
_____ *** _____


ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁ ꧇
PENERBITAN BOEKOE SEKOLAH MOEHAMMADIJAH
١٣٥٦ - 1937
ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀꧈
Katrangan

ꦲꦶꦁꦕꦥ꧀ꦕꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦗꦮꦶꦏꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦧꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦏꦠꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤ꧀ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦱꦸꦫꦠ꧀ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦱꦺꦴꦭꦠ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦺꦴꦭꦠ꧀꧈ ꦮꦱ꧀ꦱꦭꦩ꧀꧉

Ing capcapan ingkang kaping sakawan punika kajawi kabesut basanipun, ing wingking katambahan surat-surat waosan solat, lan gambar caranipun para putri solat, Wassalam

ꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀꧈

Pangurus.
꧋ꦧꦸꦧꦸꦏ꧉
Bubuka.
السلَام عليكم ورحمة الله وبركَاتة
الحمد لله رب العلمين والصلاة والسلام علي سيدنا ﷴ خاتم النبـــيين۔

ꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦱꦏꦶꦁꦫꦫꦲꦺꦴꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦫꦁꦩꦸꦝꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦼꦭꦗꦼꦁꦭꦤ꧀ꦄꦫꦧ꧀꧈ꦱꦩꦶꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦸꦕꦶꦮꦲꦁꦱꦭꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦤꦶꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦗ꧀ꦭꦶꦱ꧀ꦠꦂꦗꦶꦃꦠꦼꦏꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦩꦮꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸ꧈ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦸꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦸꦲꦩ꧀ꦩꦢꦶꦪꦃꦧꦒꦺꦪꦤ꧀ꦠꦩꦤ꧀ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦚꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿꦭꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮꦶ꧉

Kabekta saking raraosanipun para sadhérék ingkang kirang mudheng dhateng tembung melajeng lan Arab, sami rumaos kuciwa angsalaning panitinipun majlis tarjih teka kaserat mawi tembung kakalih wau. Makaten ugi kathah ingkang sami usul dhateng muhammadiyah bagéyan taman pustaka, supados nyantun prakawis punika mawi sastra lan aksara jawi.

ꦩꦶꦭꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀ꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦽꦭꦸꦔ꧀ꦭꦼꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈ꦩꦸꦫꦶꦃꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦥꦶꦒꦸꦤꦭꦤ꧀ꦕꦼꦛꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦉꦁꦒꦩꦮꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦽꦭꦸꦥꦽꦭꦸ꧈ꦮꦱꦤꦮꦼꦢꦭꦶꦁꦏꦶꦠꦧ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦫꦶꦁꦥꦲꦺꦢꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭꦱꦢꦪ꧈ ꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦄꦏ꦳ꦺꦫꦠ꧀꧈ ꦄꦴꦩꦷꦤ꧀꧈ ꦮꦱ꧀ꦱꦭꦩ꧀꧈

Mila pangurus ngraos prelu ngleksanani pamundhutipun para sadhérék wau. Murih mindhak piguna lan cethanipun ing ngriki karengga mawi gambar ingkang prelu-prelu. Wasana wedaling kitab punika, mugi mugi Ghusti Alloh paring paédah ingkang ageng dhateng kula sadaya, ing donya tuwin akhérat, Āmīn, Wassalam.

ꦥꦔꦸꦫꦸꦱ꧀꧉

Pangurus.
كیفیة الصلاة المكتوبة
꧋ꦲꦠꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦩꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ꧉
Atas asma Alloh ingkang maha mirah tur welas asih.

ꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦫꦥꦝꦱꦭꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦲꦺꦭꦶꦁꦔꦩꦫꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦭꦶꦏꦔꦢꦼꦒ꧀꧈ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦭꦤ꧀ꦠꦸꦠꦸꦫꦺꦴꦤ꧀꧈ꦢꦺꦤꦺꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦮꦸꦱ꧀ꦥꦝꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦤꦸꦭꦶꦥꦝꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦱꦭꦠ꧀꧈ꦲꦩꦂꦒꦱꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺꦱꦭꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦸꦏ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦢꦢꦶꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦏꦁꦢꦶꦠꦩ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺꦮꦪꦃꦲꦺ꧉

Samongsa anggonira padha salat wus rampung, nuli padha élinga marang Alloh nalika ngadeg, lungguh lan tuturon, déné yén sira wus padha tentrem nuli padha nindakna salat, amarga satemené salat iku tumrapé wong mukmin dadi kuwajiban kang ditamtok aké wayahé.

(ꦄꦭ꧀ꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦱꦸꦫꦠ꧀꧈ꦤꦶꦱꦏ꧀꧈ꦄꦪꦠ꧀꧇꧑꧐꧕꧇)
(Alquran surat Nisak, Ayat 105)

ꦡꦺꦴꦭ꧀ꦏꦃꦧꦶꦤ꧀ꦔꦸꦧꦆꦢꦶꦭ꧀ꦭꦃꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦤꦗꦼꦢ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦩꦫꦁꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏ꦳ꦩ꧀ꦩꦢ꧀ ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ ꦩꦝꦸꦭ꧀ꦩꦝꦸꦭ꧀ꦱꦶꦫꦃꦲꦺ꧈ꦏꦶꦠꦩꦸꦁꦏꦿꦸꦔꦸꦒꦸꦩꦽꦁꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦱꦸꦮꦫꦤꦺ꧈ꦲꦺꦴꦫꦩꦔꦽꦠꦶꦲꦥꦏꦁꦢꦶꦒꦸꦤꦼꦩ꧀꧈ꦧꦉꦁꦕꦼꦝꦏ꧀ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦏꦸꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦶꦂꦱꦧꦧ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶꦩꦸꦏꦩ꧀ꦩꦢ꧀꧈ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇ꦱꦺꦴꦭꦠ꧀ꦭꦶꦩꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦱꦢꦶꦤꦱꦮꦼꦔꦶ꧈ꦲꦠꦸꦂꦫꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦲꦸ꧇ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦱꦤꦺꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦺꦑꦔ꧀ꦗꦼꦁꦟꦧꦶ ꦱ꧈ꦔ꧈ꦮ꧈ ꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦏꦗꦧꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦄꦉꦥ꧀ꦤꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦠꦺꦴꦔꦠ꧀ꦩꦸꦩꦫꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶ꧉

"Thalhah bin Ngubaidilah ngandika ; Ana wong lanang bongsa Najed Sowan marang Kangjeng Nabi Muhamad SAW, madhul madhul sirahé, kita mung krungu gumṛenggenging suwarané, ora mangṛeti apa kang digunem, baṛeng cedhak jebul wong iku nyuwun pirsa bab Islam, nuli Kangjeng Nabi Muhamad SAW ngandika : Salat lima ing daḷem sadina sawengi. Aturé wong mau : Tumrap kula punapa wonten malih sanésipun punika", ngandikané kangjeng Nabi SAW : ora ana, kajaba yén kowé aṛep nambahi tongatmu marang Gusti Alloh"

(ꦏ꦳ꦢꦶꦠ꦳꧀꧈ꦩꦸꦠ꧀ꦠꦥ꦳ꦏ꧀ꦔꦭꦆꦲꦶ꧉)
(Hadits, Muttafak ngalaihi)
꧋ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦺꦱꦭꦠ꧀ꦥ꦳ꦂꦭ꦳ꦸ꧉
Pratikelé salat fardlu.
ꦩꦤꦮꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦉꦥ꧀ꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦏꦺꦱꦭꦠ꧀꧈ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦱꦸꦱꦸꦕꦶꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦢꦼꦒꦗꦼꦗꦼꦒ꧀꧈(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧑꧇)ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦝꦼꦥ꧀ꦏꦺꦧ꧀ꦭꦠ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲ꧇
manawa kowé arep nindakaké salat, sawisé susuci bañjur ngadega jejeg, (kaya gambar nomer 1) kanthi madhep kéblat nuli macaa :
الله أكبر _____ ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦸꦄꦏ꧀ꦧꦂ
Allohu Akbar
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦲꦲꦒꦸꦁ]
[ Gusti Alloh maha Agung ]
ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦄꦠꦶꦏꦁꦲꦶꦏ꧀ꦭꦱ꧀ꦤꦶꦪꦠ꧀ꦩꦸꦩꦫꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦧꦉꦁꦔꦤꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦲꦶꦁꦝꦸꦮꦸꦂꦥꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸꦥꦼꦤꦼꦂꦤꦏꦸꦥꦶꦁ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦱꦮꦁꦱꦏꦔꦉꦥ꧀ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧒꧇ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸꦢꦶꦪꦫꦤ꧀ꦤꦶꦠꦏ꧀ꦧꦷꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳ꦿꦺꦴꦩ꧀꧉
Kanthi ati kang ikhlas niatmu marang Gusti Alloh, barengana añjuñjung tanganmu loro pisan tekan ing dhuwur pundhak lan jempolmu penerna kuping, yén kasawang saka ngarep kaya gambar nomer 2, mangkono iku diarani takbiratul ihrom.
꧋ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸꦱꦼꦝꦏꦼꦥ꧀ꦥꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦏꦶꦮꦠꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦤꦲꦶꦁꦝꦝꦩꦸ꧈ꦱꦶꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦁꦤꦲꦶꦁꦒꦶꦒꦶꦂꦫꦺꦲꦺꦥꦺꦏ꧀ꦲꦺꦥꦺꦏ꧀ꦏꦶꦮ꧈ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧓꧇ꦤꦸꦭꦶꦩꦕꦲ ꦢꦺꦴꦔꦆꦥ꦳꧀ꦠꦶꦠꦃ꧈ꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇
Sawisé iku sedhakepa mangkéné ; tanganmu kiwa témplékna ing dhadhamu, sing tengen tumpangna ing gigiré épék-épék kiwa kaya gambar nomer 3, nuli macaa donga iftitah mangkéné :
اللَّهُمَّ باَعِدْ بَیْنِي وَبَیْنَ خَطَایَايَ كَمَا باَعَدْتَ بَیْنَ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦧꦴꦔꦶꦢ꧀ꦧꦻꦤꦷꦮꦧꦻꦤꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦏꦩꦴꦧꦴꦔꦢ꧀ꦠꦧꦻꦤꦭ꧀ꦩꦯ꧀ꦫꦶꦐꦶꦮꦭ꧀ꦩꦓ꧀ꦫꦶꦧ꧀꧉
Allohumma bāngid bainī wabaina khothoyāya kamā bāngadta bainal masyriqi walmaghrib.
 اللَّهُمَّ نَقِّنِي مِنْ خَطَایَايَ كَمَا یُنَقَّى الثَّوْبُ الْأبَیَضُ مِنَ الدَّنَسِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦤꦏ꧀ꦐꦶꦤꦷꦩꦶꦤ꧀ꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦏꦩꦴꦪꦸꦤꦏ꧀ꦐꦺꦴꦠ꦳꧀ꦠꦻꦴꦧꦸꦭ꧀ꦄꦧ꧀ꦪꦭ꦳ꦸꦩꦶꦤꦢ꧀ꦢꦤꦱ꧀꧉
Allohuma naqqinī min khotoyāya kamā yunakkots tsaubul abyadlu minad danas.
اللَّهُمَّ اغْسِلْنِي مِنْ خَطَایَايَ بِالْمَاءِ وَالثَّلْجِ وَالْبَرَدِ
ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦱꦶꦭ꧀ꦑꦺꦴꦛꦺꦴꦪꦴꦪꦧꦶꦭ꧀ꦩꦴꦆꦮꦠ꧀ꦠ꦳ꦭ꧀ꦗꦶꦮꦭ꧀ꦧꦫꦺꦴꦢ꧀꧉
Allohummaghsil khotoyāya bilmāi watsalji walbarod.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦲꦤꦼꦧꦶꦃꦤꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦸꦭꦭꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦏꦸꦭꦏꦝꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦼꦧꦶꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦥ꧀ꦭꦼꦛꦺꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦫꦥ꧀ꦥꦶꦁꦱꦸꦂꦪ꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi anebihna antawis kula lan dosa kula kadhos anggén pañjenengan nebihaken antawisipun papan plethék lan seraping surya.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦲꦔꦽꦱꦶꦏ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭꦱꦏꦶꦁꦢꦺꦴꦱꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦁꦒꦺꦥꦼꦛꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦱꦏꦶꦁꦉꦉꦒꦼꦢ꧀꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi angresikna ing kula saking dosa kados déné panganggé pethak ingkang dipun resiki saking rereged.
ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦸꦒꦶꦩꦱꦸꦃꦲꦢꦺꦴꦱꦏꦸꦭꦱꦿꦤꦠꦺꦴꦪꦌꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦗꦮꦃꦮꦺꦴꦃ꧉
Dhuh Gusti Alloh mugi masuha dosa kula srana toya és lan toya jawah woh.

ꦲꦸꦠꦮꦩꦕ ꧇

Utawa maca :

وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِيْ فَطَرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ حَنِیْفًا مُسْلِمًا وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِیْنَ إِنَّ صَلاَتِي وَنُسُكِيْ وَمَحْیَايَ، وَمَمَاتِي لِلهِ رَبِّ الْعَلَمِیْنَ لاَ شَرِیْكَ لَهُ، وَبِذلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِیْنَ.

꧋ꦮꦗ꧀ꦗꦃꦠꦸꦮꦗ꧀ꦲꦶꦪꦭꦶꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦥ꦳ꦛꦺꦴꦫꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦴꦮꦴꦠꦶꦮꦭ꧀ꦄꦂꦭ꦳ꦏ꦳ꦤꦷꦥ꦳ꦩ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦤ꧀ꦮꦩꦴꦄꦤꦩꦶꦤꦭ꧀ꦩꦸꦯ꧀ꦫꦶꦏꦷꦤ꧀꧉ꦆꦤ꧀ꦤꦰꦺꦴꦭꦴꦠꦷꦮꦤꦸꦱꦸꦏꦶꦮꦩꦏ꦳꧀ꦪꦴꦪꦮꦩꦩꦴꦠꦷꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦔꦴꦭꦩꦷꦤ꧀꧉ꦭꦴꦯꦫꦷꦏꦭꦲꦹꦮꦧꦶꦢ꦳ꦴꦭꦶꦏꦈꦩꦶꦫ꧀ꦠꦸꦮꦄꦤꦄꦮ꧀ꦮꦭꦸꦭ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦭꦶꦩꦷꦤ꧀꧉

Wajjahtu wajhiya lilladzī fatoros samāwāti wal ardli hanīfam musliman wamā ana minal musyrikīn. Inna solātī wanusukī wamahyāya wamamāti lillāhi robbil ngālamīn. Lā syarīka lahū wabidzālika umirtu wa ana awwalul muslimīn.

꧋ꦏꦮꦸꦭꦩꦝꦼꦥ꧀ꦲꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦢ꦳ꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦧꦸꦩꦶꦭꦔꦶꦠ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦒꦸꦩꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦶꦁꦩꦤꦃꦭꦤ꧀ꦱꦸꦩꦫꦃꦱꦂꦠꦏꦸꦭꦱꦤꦺꦱ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩꦸꦯ꧀ꦫꦶꦏ꧀꧈ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦱꦭꦠ꧀ꦏꦸꦭꦔꦶꦧꦢꦃꦏꦸꦭꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦒꦼꦱꦁꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦢꦪꦔꦭꦩ꧀꧈ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦩꦺꦤꦶ꧈ꦏꦸꦭꦏꦝꦮꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦸꦭꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦮꦶꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦫꦃ꧉

Kawula madhep angadhepaken dzat ingkang nitahaken bumi langit kanthi gumolonging manah lan sumarah sarta kula sanés golonganipun tiyang musyrik, saéstu salat kula ngibadah kula tuwin pejah gesang kula punika koñjuk ing Gusti Alloh ingkang mangérani sadaya ngalam, boten wonten ingkang nyaméni, kula kadhawuhana ingkang makaten inggih kula punika wiwitanipun tiyang ingkang sumarah.

ꦤꦸꦭꦶꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇

Nuli nyuwun reksa mangkéné :

أَعُوذُ بِالَّلهِ مِنَ الشَّیْطَانِ الرَّجِیم

ꦄꦔꦹꦢ꦳ꦸꦧꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦩꦶꦤꦯ꧀ꦯꦻꦛꦺꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦗꦷꦩ꧀꧉

Angūdzu billāhi minasy syaitonir rojīm.

ꦏꦮꦸꦭꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦉꦏ꧀ꦱꦝꦸꦩꦠꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦏꦶꦁꦱꦺꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦸꦭꦏ꧀꧉

Kawula nyuwun reksa dhumateng Gusti Alloh saking sétan ingkang tinulak.

ِ بِسْمِ الَّله الرَّحْمَنِ الرَّحِیم˚ الْحَمْدُ لِّلهِ رَبِّ الْعَالَمِینَ ˚ الرَّحْمَنِ الرَّحِیمِ ˚مَالِكِ یَوْمِ الدِّینِ ˚ إِیَّاكَ نَعْبُدُ وَإِیَّاكَ نَسْتَعِینُ ˚ اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِیمَ ˚ صِرَاطَ الَّذِینَ أَنْعَمْتَ عَلَیْهِمْ غَیْرِالْمَغْضُوبِ عَلَیْهِمْ وَلا الضَّالِّینَ٭

ꦧꦶꦱ꧀ꦩꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦂꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦲꦷꦩ꧀꧈ꦄꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲꦶꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦔꦴꦭꦩꦷꦤ꧀꧈ꦄꦂꦫꦺꦴꦏ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂꦫꦺꦴꦏ꦳ꦷꦩ꧀꧈ꦩꦴꦭꦶꦏꦶꦪꦻꦴꦩꦶꦢ꧀ꦢꦷꦤ꧀꧈ꦆꦪ꧀ꦪꦴꦏꦤꦏ꧀ꦧꦸꦢꦸꦮꦆꦪ꧀ꦪꦴꦏꦤꦱ꧀ꦠꦔꦷꦤ꧀꧈ꦆꦲ꧀ꦢꦶꦤꦱ꧀ꦱꦶꦫꦺꦴꦛꦺꦴꦭ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦠꦐꦷꦩ꧀꧈ꦰꦶꦫꦺꦴꦛꦺꦴꦭ꧀ꦭꦢ꦳ꦷꦤꦄꦤ꧀ꦔꦩ꧀ꦠꦔꦭꦻꦲꦶꦩ꧀ꦓꦺꦴꦲꦶꦫꦶꦭ꧀ꦩꦓ꧀ꦭ꦳ꦹꦧꦶꦔꦭꦻꦲꦶꦩ꧀ꦮꦭꦭ꧀ꦭ꦳ꦺꦴꦭꦷꦤ꧀꧉

Bismillā hirrohmā nirrohīm | Alhamdu lillāhi robbil ngālamīn | Arrohmā nirrohīm | Māliki yaumid dīn | Iyyāka nakbudu waiyyāka nastangīn | Ihdinaṣ ṣhirothol mustakīm | Sirotol ladzīna an ngamta ngalaihim ghoiril maghdlūbi ngalaihim waladl dlolīn.

꧋ꦲꦠꦱ꧀ꦄꦱ꧀ꦩꦢꦭꦺꦩ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦩꦲꦲꦱꦶꦃ꧈ꦱꦢꦪꦥꦔꦭꦺꦩ꧀ꦧꦤꦏꦺꦴꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦢꦪꦔꦭꦩ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦩꦶꦫꦃꦠꦸꦂꦮꦼꦭꦱ꧀ꦲꦱꦶꦃ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦪꦩꦠ꧀꧈ꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁ꧈ꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦥꦶꦠꦼꦝꦃꦲꦶꦁꦏꦶꦠꦝꦠꦼꦁꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦊꦉꦱ꧀꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦏꦤꦶꦏ꧀ꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦧꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦼꦱꦱꦂ꧉

Atas asma dalem Gusti Alloh ingkang maha mirah tur maha asih | Sadaya pangalembana koñjuk ing ngarsanipun Gusti Alloh ingkang mangérani sadaya ngalam | Ingkang maha mirah tur welas asih | ingkang ngratoni dinten kiyamat | Namung pañjenengan ingkang kula sembah, lan namung pañjenengan ingkang kula suwuni pitulung | Mugi paring pitedhah ing kita dhateng margi ingkang leres | nggih punika marginipun para tiyang ingkang pañjenengan paringi kanikmatan, sanés marginipun para tiyang ingkang kabendon lan kesasar.

ꦱꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦔꦺꦲꦶꦏꦸꦩꦕꦲ꧇

Sarampungé iku macaa :

رَبِّ اغْفِرْلِي آمِينْ _____ ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦶꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧈ꦄꦴꦩꦷꦤ꧀꧈

Robbighfir lī Āmin,

ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈ꦩꦸꦒꦶꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦸꦭ꧈ꦩꦸꦒꦶꦔ꧀ꦭꦼꦏ꧀ꦱꦤꦤꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧉

Dhuh Pangéran kula, mugi ngapuntena ing kula, mugi ngleksanana ing panuwun kula.
ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦕꦲꦱꦸꦫꦠ꧀ꦱꦏꦐꦸꦂꦄꦤ꧀꧈ꦥꦩꦕꦩꦸꦏꦸꦢꦸꦕꦼꦛꦭꦤ꧀ꦢꦶꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦥꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺ꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦸꦮꦶꦱ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦏꦪꦤꦭꦶꦏꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳꧀ꦫꦺꦴꦩ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦧꦧꦉꦁꦔꦤ꧀ꦩꦕꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂ꧇
bañjur macaa surat saka kuran, pamacamu kudu cetha lan diangen-angen apa tegesé. Yèn uwis, bañjur angkaten tanganmu loro pisan kaya nalika takbirotul ihram, bañjur rukuk babarengan maca takbir :
الله أكبر _____ ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦲꦸꦄꦏ꧀ꦧꦂ
Allohu Akbar
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦲꦲꦒꦸꦁ]
[Gusti Alloh maha Agung]
(ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦊꦁꦔꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧔꧇ꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧕)
(andelenga gambar 4 tumuli nomer 5)
ꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦒꦼꦒꦼꦂꦭꦤ꧀ꦒꦶꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦸꦢꦸꦫꦠ꧈ꦠꦔꦤ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀꧈ꦱꦗꦼꦫꦺꦴꦤꦺꦫꦸꦏꦸꦏ꧀ꦩꦕꦲ꧇
Rukuk iku geger lan githok kudu rata, tangan kiwa tengen nyekel dhengkul, sajeroné rukuk macaa :
سُبْحَانَكَ اللّهُمَّ رَبَّنَا وَبِحَمْدِكَ اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي
ꦱꦸꦧ꧀ꦲꦴꦤꦏꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦧꦶꦲꦩ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧉
Subhānakallohumma robbanā wabihamdika, allohummaghfirlī.

ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧈ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦝꦸꦃꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦸꦒꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦥꦔꦏ꧀ꦱꦩꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧉

Pañjenengan punika maha suci, dhuh Ghusti Alah, pangéran kita, kanthi mangalembana ing pañjenengan dhuh Gusti Alloh mugi paringa pangaksama dhateng kula.
ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦲꦶꦏꦸ꧈ꦱꦶꦫꦃꦩꦸꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦆꦏ꧀ꦠꦶꦢꦭ꧀ꦱꦂꦠꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦸꦒꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦔꦼꦤ꧀ꦏꦪꦤꦭꦶꦏꦠꦏ꧀ꦧꦶꦫꦺꦴꦠꦸꦭ꧀ꦆꦏ꦳ꦿꦩ꧀꧉(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧖꧇)ꦏꦫꦺꦴꦩꦸꦤꦶ꧇
sawisé iku, sirahmu angkaten prelu Iktidal sarta tanganmu loro pisan uga juñjungen kaya nalika takbirotul Ihram. (kaya gambar ongka 6) karo muni :
سَمِعَ الله لِمَنْ حَمِدَه | ꦱꦩꦶꦔꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦭꦶꦩꦤ꧀ꦲꦩꦶꦢꦃ꧉
Samingallohu liman hamidah.
[ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦃꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦲꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀꧉]
[Gusti Alloh midhangetaken dhateng tiyang ingkang mangalembana ing Pañjenengan.]
ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦢꦼꦒ꧀ꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦎꦁꦏ꧇꧗꧇ꦩꦕꦲ꧇
Yén wis ngadeg jejeg kaya gambar ongka 7 macaa :
رَبَّنَا وَلَكَ الحَمْدُ | ꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦭꦏꦭ꧀ꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦸ
Robbana Walakal hamdu
[ꦝꦸꦃꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦢꦪꦥꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧉]
[Dhuh Pangéran kita, lan sadaya pangalembana punika kagungan Pañjenengan.]

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦏꦤ꧀ꦛꦶꦠꦏ꧀ꦧꦶꦂ꧈ꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦺ꧇ꦚꦺꦭꦺꦃꦤꦝꦼꦁꦏꦸꦭ꧀ꦩꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦺꦢ꧀ꦭꦩꦏꦤ꧀ꦩꦸꦲꦤꦔ꧀ꦭꦼꦩꦃ꧈ꦤꦸꦭꦶꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸ꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦧꦛꦸꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦫꦸꦁꦩꦸ
(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂꦤꦺꦴꦩꦼꦂ꧇꧘꧇)

Bañjur sujudda kanathi takbir, pratikelé : nyéléhna dhengkulmu lan pucuké dlamakanmu ana nglemah, nuli tanganmu, bañjur bathuk lan irungmu
(kaya gambar nomer 8)



ꦱꦫꦤꦔꦝꦼꦥ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦥꦸꦕꦸꦏ꧀ꦏꦶꦁꦢꦿꦶꦗꦶꦩꦸꦩꦫꦁꦏꦺꦧ꧀ꦭꦠ꧀꧈ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦁꦒꦁꦠꦔꦤ꧀ꦩꦸꦱꦏꦭꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩꦸꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦚ꧀ꦗꦸꦁꦱꦶꦏꦸꦠ꧀ꦩꦸ
(ꦏꦪꦒꦩ꧀ꦧꦂ꧇꧙꧇)

Sarana ngadhep pucuk-pucuking drijimu marang kéblat, ambenggang tanganmu saka lambungmu lan añjuñjung sikutmu
(kaya gambar 9)


ꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦏꦸꦩꦕꦲ꧇

Nalika iku macaa :

سُبْحَانَكَ اللّهُمَّ رَبَّنَا وَبِحَمْدِكَ اللّهُمَّ اغْفِرْ لِي

ꦱꦸꦧ꧀ꦏ꦳ꦴꦤꦏꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦫꦺꦴꦧ꧀ꦧꦤꦴꦮꦧꦶꦏ꦳ꦩ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦄꦭ꧀ꦭꦺꦴꦲꦸꦩ꧀ꦩꦓ꧀ꦥ꦳ꦶꦂꦭꦷ꧉

Subhānakallohumma robbanā wabihamdika, allohummaghfirlī.

=====
===
=

[ BAGIAN KEDUA ]

Sěrat Dèwaruci - Versi Jawa Wrědi : Dandanggula

Serat Dewaruci
DESKRIPSI NASKAH
Judul:Sěrat Dèwaruci
Tipe:Terbitan
A / B:Jawa / Jawa kuna
Bentuk:Tembang
Ikhtisar:Kisah perjalanan sang Werkudara alias Bima، alias Bimasuci، ketika mencari jati diri, yang dalam ajaran tasawuf disebut dengan guru sajati atau hak sajati.
PROFIL
Pengarang:Ref. Nama
Penyalin:Ref. Nama
Penerbit:Tahun
Tahun:Tahun
FISIK
Media:Lontar / Daluang / Kertas Eropah / HVS
Dimensi:P x L x T
Halaman:Jumlah halaman
Keterangan:Keterangan tambahan
KATALOG
Sumber:Nawapustaka
Katalog:NP000000
Model:Asli / Salinan
DIGITALISASI
Tanggal:Tanggal digitalisasi
Pemindaian:Diaz Nawaksara
Pengetikan:Diaz Nawaksara
Alih_aksara:Diaz Nawaksara
Terjemahan:Diaz Nawaksara
Fonta:Jenis font
Berkas:*pdf / *docx /*txt tersedia
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶ꧈​ꦩꦮꦶꦮꦽꦢꦶ꧉​
꧁꧂
꧄ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ꧄
꧄ꦤꦶꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦸꦭꦸꦤ꧀ꦩꦤꦸꦭꦠ꧀ꦱꦿꦶ꧈​ꦩꦿꦶꦁꦱꦂꦏꦫꦩꦩꦿꦶꦃꦩꦩꦂꦢꦮ꧈​ꦠꦾꦱ꧀ꦮꦶꦒꦼꦤꦥꦚ꧀ꦗꦸꦠꦤ꧀ꦤꦺ꧈​ꦗꦸꦮꦼꦠ꧀ꦱꦶꦭꦂꦗꦺꦁꦠꦸꦮꦸꦃ꧈​ꦮꦲꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦲꦤꦤ꧀ꦗꦠꦶ꧈​ꦱꦸꦗꦤꦥꦫꦩꦴꦂꦠ꧈​ꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦸꦩꦸꦮꦸꦃ꧈​ꦮꦶꦤ꧀ꦤꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦁꦱꦱ꧀ꦩꦶꦠ꧈​ꦒꦶꦤꦸꦥꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦮꦶꦫꦺꦃꦧꦶꦩꦱꦸꦕꦶ꧈​ꦮꦶꦤꦔꦸꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦗꦂꦮ꧉​
1 Nihan doning ngulun manulat sri/ mring sarkara mamrih mamardawa/ tyas wigěna panjutané/ juwět silarjèng tuwuh/ wahananing kahanan jati/ sujana paramarta/ witaning tumuwuh/ winangun ingkang sasmita/ ginupita ing kawi rèh Bimasuci/ winangun lawan jarwa//
꧄ꦮꦽꦏꦺꦴꦝꦫꦢꦸꦏ꧀ꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦠꦩꦿꦶꦁ꧈​ꦝꦚꦁꦣꦸꦂꦟꦏꦶꦤꦺꦤ꧀ꦔꦸꦥꦪꦲ꧈​ꦠꦺꦴꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦸꦕꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ꧈​ꦩꦫꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦽꦏꦺꦴꦝꦫꦩꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦮꦼꦮꦂꦠꦶ꧈​ꦩꦫꦶꦁꦤꦒꦿꦶꦔꦩꦂꦡ꧈​ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦏꦢꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦱꦶꦫꦦꦿꦨꦸꦪꦸꦝꦶꦱ꧀ꦛꦶꦫ꧈​ꦏꦁꦥꦫꦫꦶꦱꦢꦪꦤꦸꦗꦸꦩꦉꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦤꦺꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦫꦏ꧉​
2 Wrěkoḍara duk puruhita mring/ ḍanyang Durna kinèn ngupayaa/ toya ingkang nucèkaké/ marang sariranipun/ Wrěkoḍara mantuk wěwarti/ maring nagri Ngamarta/ pamit kadang sěpuh/ sira Prabu Yuḍisṭira/ kang para ri sadaya nuju marěngi/ anèng ngarsaning raka//
꧄ꦲꦂꦪꦯꦺꦟꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦫꦏꦗꦶ꧈​ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦲꦂꦱꦏꦺꦱꦃꦩꦩꦿꦶꦃꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦒꦸꦫꦸꦥꦶꦠꦸꦢꦸꦃꦲꦺ꧈​ꦱꦿꦶꦣꦂꦩꦦꦸꦠꦿꦔꦸꦔꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦪꦂꦱꦲꦠꦸꦂꦫꦶꦁꦔꦫꦶ꧈​ꦕꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥ꧀ꦠꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦧꦪ꧈​ꦟꦫꦺꦟ꧀ꦢꦿꦩꦔꦸꦤ꧀ꦏꦸꦁ꧈​ꦢꦾꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦣꦟꦚ꧀ꦗꦪ꧈​ꦩꦠꦸꦂꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦲꦶꦁꦫꦏꦯꦿꦶꦤꦫꦥꦠꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦤ꧀ꦱꦏꦺꦕ꧉
3 Arya Sèna matur ing raka ji/ lamun arsa kèsah mamrih toya/ dèning guru pituduhé/ Sri Darmaputra ngungun/ amiyarsa aturing ari/ cinipta praptèng baya/ narèndra mangun kung/ dyan satriya Dananjaya/ matur němbah ing raka sri narapati/ punika tan sakèca//
꧄ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦫꦪꦶꦢꦊꦩ꧀ꦏꦺꦱꦃꦲꦺꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦺꦕꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦺ꧈​ꦲꦂꦪꦏꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦠ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦭꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦮꦠꦏ꧀ꦫꦏꦥꦢꦸꦏ꧈​ꦔꦱ꧀ꦠꦶꦤꦥꦸꦏꦸꦭꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦂꦪꦩꦔꦺꦟ꧀ꦢꦿꦱꦁꦱꦫ꧈​ꦉꦰꦶꦣꦸꦂꦟꦒꦶꦤꦸꦧꦼꦭ꧀ꦩꦸꦫꦶꦃꦔꦥꦸꦱ꧀ꦱꦶ꧈​ꦱꦶꦂꦤꦤꦶꦁꦥꦿꦥꦟ꧀ꦝꦮ꧉​
4 Inggih sampun paduka lilani/ rayi dalěm kèsahé punika/ botěn sakèca raosé/ arya kalih wotsantun/ inggih sampun tuwan lilani/ watak raka paduka/ Ngastina pukulun/ karya mangèndra sangsara/ Rěsi Durna ginuběl murih ngapusi/ sirnaning pra panḍawa//
꧄ꦮꦽꦏꦺꦴꦝꦫꦩꦶꦪꦂꦱꦤꦲꦸꦫꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦏꦼꦤ꧀ꦤꦲꦢꦺꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦩꦠꦶꦪꦔꦸꦩꦸꦂꦏꦸꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦤꦼꦢꦾꦩꦿꦶꦃꦥꦶꦤꦸꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦥꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦺꦃꦪꦁꦩꦲꦱꦸꦕꦶ꧈​ꦲꦂꦪꦯꦺꦟꦱꦏ꧀ꦱꦤ꧈​ꦏꦭꦺꦥꦠ꧀ꦱꦸꦩꦼꦩ꧀ꦥꦿꦸꦁ꧈​ꦯꦿꦶꦟꦫꦺꦟ꧀ꦢꦿꦪꦸꦝꦶꦱ꧀ꦛꦶꦫ꧈​ꦩꦶꦮꦃꦲꦫꦶꦏꦠꦶꦒꦔꦸꦔꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦥꦶ꧈​ꦭꦶꦂꦠꦶꦤ꧀ꦤꦼꦧꦏ꧀ꦩꦺꦴꦁꦠꦸꦤ꧀ꦤ꧉​
5 Wrěkoḍara miyarsa nauri/ ingsun măngsa kěnaa dèn ampah/ mati ya ngumurku ḍèwé/ wong nědya mrih pinutus/ panunggalé Hyang Maha Suci/ Arya Sèna saksana/ kalèpat suměmprung/ Sri Narèndra Yuḍisṭira/ miwah ari katiga ngungun tan sipi/ lir tiněbak mong tuna//
꧄ꦠꦤ꧀ꦮꦶꦤꦂꦤꦏꦁꦏꦫꦶꦥꦿꦶꦃꦲꦠꦶꦤ꧀꧈​ꦏꦮꦸꦮꦸꦱꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦫꦯꦺꦟ꧈​ꦠꦤ꧀ꦥꦮꦢꦾꦲꦩꦸꦁꦝꦺꦮꦺ꧈​ꦩꦸꦁꦧꦗꦿꦱꦶꦟ꧀ꦝꦸꦁꦫꦶꦮꦸꦠ꧀꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦧꦼꦤ꧀ꦤꦼꦂꦩꦸꦫꦁꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦥꦿꦲꦫꦩꦸꦁꦒꦺꦁꦔꦂꦱ꧈​ꦒꦺꦴꦫꦫꦺꦃꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ꧈​ꦏꦒꦾꦠ꧀ꦩꦶꦫꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦁꦥꦢꦺꦱꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦏꦲꦩ꧀ꦧꦃꦏꦁꦏꦥꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦝꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦗꦿꦶꦃ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦥꦺꦱ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ​ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃ꧉​
6 Tan winarna kang kari prihatin/ kawuwusa lampahira Sèna/ tanpa wadya amung ḍèwé/ mung bajra sinḍung riwut/ amběběněr murang ing margi/ prahara munggèng ngarsa/ gora rèh gumuruh/ kagyat miris wong padèsan/ kang kaambah kang kapranggul ḍoḍok ajrih/ anḍěpès němbah-němbah//
꧄ꦏꦛꦃꦥꦱꦼꦒꦃꦝꦠꦤ꧀ꦠꦶꦤꦺꦴꦭꦶꦃ꧈​ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦢꦽꦁꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦏꦸꦫꦸꦱꦺꦠꦿ꧈​ꦩꦂꦒꦒꦼꦁꦏꦩ꧀ꦧꦃꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦺ꧈​ꦒ꧀ꦭꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦫꦱꦿꦸ꧈​ꦒꦥꦸꦫꦒꦼꦁꦩꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦏꦲꦺꦏ꧀ꦱꦶ꧈​ꦥꦸꦕꦏ꧀ꦩꦸꦠꦾꦫꦩꦸꦚ꧀ꦕꦂ꧈​ꦱꦁꦏꦶꦁꦢꦺꦴꦃꦔꦸꦔꦸꦮꦸꦁ꧈​ꦭꦶꦂꦏꦸꦩꦼꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦁꦧꦱ꧀ꦏꦫ꧈​ꦏꦸꦤ꧀ꦤꦼꦁꦮꦲꦸꦏꦁꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦮꦸꦮꦸꦱ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧉​
7 Kaṭah pasěgah ḍatan tinolih/ langkung adrěng praptèng Kurusètra/ marga gěng kambah lampahé/ glising lampahira sru/ gapura gěng munggul kaèksi/ pucak mutyara muncar/ sangking doh ngunguwung/ lir kuměmbaring baskara/ kuněng wau kang maksih wontěn ing margi/ wuwusěn ing Ngastina//
꧄ꦦꦿꦧꦸꦯꦸꦪꦸꦢꦤꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦶ꧈​ꦝꦚꦁꦣꦸꦂꦟꦥꦿꦥ꧀ꦠꦲꦶꦁꦗꦿꦺꦴꦥꦸꦫ꧈​ꦟꦠꦺꦁꦩꦤ꧀ꦢꦿꦏꦱꦉꦁꦔꦺ꧈​ꦦꦿꦧꦸꦔꦮꦺꦴꦁꦒꦠꦸꦩꦸꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦱꦼꦤ꧀ꦠꦤꦲꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦮꦺꦰ꧀ꦛꦶ꧈​ꦥꦿꦱꦩꦶꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀꧈​ꦩꦫꦁꦗꦿꦺꦴꦏꦝꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦔꦒꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦶꦤ꧀ꦢꦸꦯꦺꦟ꧈​ꦗꦪꦗꦠꦿꦩꦶꦮꦃꦑꦶꦲꦂꦪꦯꦁꦏꦸꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦨꦶꦱ꧀ꦩꦩꦾꦁꦢꦿꦸꦯꦱꦤ꧉​
8 Prabu Suyudana animbali/ ḍanyang Durna prapta ing jro pura/ natèng Mandraka sarěngé/ Prabu Ngawăngga tumut/ pra sěntana anděling wèsṭi/ prasami ingandikan/ marang jro kaḍatun/ wong agung ing Sindusèna/ Jayajatra miwah Ki Arya Sangkuni/ Bisma myang Drusasana//
Durna lan Werkudara

Sěrat Dèwaruci - Versi Jawa Wrědi : Bubuka

Serat Dewaruci
DESKRIPSI NASKAH
Judul:Sěrat Dèwaruci
Tipe:Terbitan
A / B:Jawa / Jawa kuna
Bentuk:Tembang
Ikhtisar:Kisah perjalanan sang Werkudara alias Bima، alias Bimasuci، ketika mencari jati diri, yang dalam ajaran tasawuf disebut dengan guru sajati atau hak sajati.
PROFIL
Pengarang:Mangun Wijaya
Penyalin:Ref. Nama
Penerbit:Tahun
Tahun:Tahun
FISIK
Media:Lontar / Daluang / Kertas Eropah / HVS
Dimensi:P x L x T
Halaman:Jumlah halaman
Keterangan:Keterangan tambahan
KATALOG
Sumber:Nawapustaka
Katalog:NP000000
Model:Asli / Salinan
DIGITALISASI
Tanggal:Tanggal digitalisasi
Pemindaian:Diaz Nawaksara
Pengetikan:Diaz Nawaksara
Alih_aksara:Diaz Nawaksara
Terjemahan:Diaz Nawaksara
Fonta:Jenis font
Berkas:*pdf / *docx /*txt tersedia
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀
꧋ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶ꧉
ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦮꦽꦢꦶ꧉
Dewaruci
CÈTAKAN YANG KA I.
ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦂꦠꦏꦱꦢꦺꦢꦺꦤꦶꦁ:
ꦠꦤ꧀ꦓꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦶ- ꦏꦼꦝꦶꦫꦶ
꧑꧙꧒꧒
꧁꧂
꧋ꦧꦸꦧꦸꦏ꧉
꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶ꧉
. ꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦩꦮꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦏꦮꦶꦱꦼꦏꦂꦲꦒꦼꦁ꧈ꦒꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦩꦼꦤꦁ꧈ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦝꦶꦫꦶ꧉ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏꦮꦲꦸꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦗꦶꦱꦏ꧈ꦠꦶꦩꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦗꦏꦱꦁꦏꦭ꧈ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦲꦁꦒꦗꦭꦶ꧈ꦲꦶꦧꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦗꦿꦤ꧀꧈ꦠꦤꦃꦔꦫꦧ꧀꧉
. Sěrat Dèwaruci punika ing ngajěng mawi těmbang Kawi Sěkar Agěng, anggitanipun ěmpu Widayaka ing nagari Maměnang, inggih ing Kaḍiri.Ěmpu Widayaka wau inggih Ajisaka, timuripun nama Jaka Sangkala, putranipun ěmpu Anggajali, ibunipun putri ing nagari Najran, tanah Ngarab.
. ꧋ꦱꦂꦠꦲꦗꦶꦱꦏꦮꦲꦸꦱꦶꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦩꦲꦺꦴꦭꦤꦔꦸꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦔꦗꦶꦢ꧀ꦫ꧈ꦗꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦢꦶꦧꦾꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦨꦤꦶꦱꦿꦆꦭ꧀ꦔꦫꦧ꧀꧉ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦲꦗꦶꦱꦏꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦥꦸꦫꦸꦲꦶꦠꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦗꦮꦠ꧈ꦧꦧ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦸ꧈ꦠꦮꦶꦏꦮꦿꦸꦃꦏꦢꦶꦧꦾꦤ꧀ꦏꦤꦸꦫꦒꦤ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦏ꧀ꦏꦕꦏꦸꦥ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦗꦶꦱꦏꦱꦢꦪ꧉ꦥꦫꦢꦺꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦶꦤꦁꦏꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦫꦺꦴꦤꦶꦱꦢꦪ꧉ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦗꦶꦢꦂꦩ꧈ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦗꦶꦤꦶꦂꦩꦭ꧉
. Sarta Ajisaka wau siswanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, raja panḍita dibya ing nagari Banisrail Ngarab. Punapadèné Ajisaka wau lajěng puruhita ḍatěng para Jawata, bab kawruh kamuksan, utawi kawruh kadibyan kanuragan sasaminipun, sampun tumplak kacakup dèning Ajisaka sadaya. Para dèwa ingkang linangkung sampun dipun guroni sadaya. Kados ingkang kasěbut ing Sěrat Ajidarma, tuwin Sěrat Ajinirmala.
. ꧋ꦩꦶꦭꦲꦗꦶꦱꦏꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸ꧉ꦩꦸꦔꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦤꦶꦠꦶꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈ꦩꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦦꦤ꧀ꦝꦶꦠꦱꦠꦸꦱ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃ꧈ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏ꧉
. Mila Ajisaka punika kawruhipun langkung pinunjul sasamining ěmpu. Mungěl ing Sěrat Panitisastra, manawi wontěn ěmpu ingkang sagěd ngawonakěn panḍita satus, ingkang putus ing kawruh, punika sawěg sami kaliyan kawruhipun ěmpu Widayaka.
. ꧋ꦲꦩꦶꦭꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ꧈ꦱꦩꦶꦱꦩꦶꦮꦼꦮꦫꦃꦏꦩꦸꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦢꦺꦮꦠꦤ꧀꧈ꦏꦧꦸꦢꦤ꧀꧈ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦮꦭꦶ꧈ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦸꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦥꦛꦶꦤꦶꦁꦲꦒꦩꦶꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧌ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶꦩꦏꦿꦶꦥꦠ꧀꧍ꦝꦱꦂꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦮꦶꦢꦪꦏꦮꦻꦴ꧈ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦛꦶꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦩꦸꦁꦮꦱꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦩꦲꦺꦴꦭꦤꦔꦸꦱ꧀ꦩꦤ꧀ꦔꦗꦶꦢ꧀꧈ꦲꦶꦁꦨꦤꦶꦱꦿꦆꦭ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧌ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧍ꦩꦶꦭꦭꦪꦏ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦺꦮꦫꦸꦕꦶꦮꦲꦸ꧈ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦭꦸꦫꦶꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦫꦮꦭꦶ꧉
. Amila Sěrat Dèwaruci punika, sami-sami wěwarah kamuksan jaman kadèwatan, kabudan, dipun rěměni piyambak dèning para wali, awit suraosipun cunḍuk sangět kaliyan kawruh paṭining agami Islam (Ngèlmi Makripat) ḍasar sajatosipun, ěmpu Widayaka wau, měnggahing kawruh kasampurnan, ingkang dipun èsṭi ing salěběting batos amung wasitanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, ing Banisrail kasěbut ing nginggil (Islam) mila layak kèmawon Sěrat Dèwaruci wau, dipun lěluri dèning para wali.
. ꧋ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦂꦮꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦱꦶꦤꦮꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂꦩꦕꦥꦠ꧀꧈ꦏꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦨꦺꦤꦁ꧉ꦱꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦲꦶꦁꦏꦛꦃ꧈ꦩꦭꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦛꦏ꧀꧈ꦲꦤꦔꦶꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦁꦏꦺꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉ꦱꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦏꦭꦪꦤ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀꧉ꦲꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧉ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦂꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦩꦱ꧀ꦔꦧꦺꦲꦶꦩꦔꦸꦤ꧀ꦮꦶꦗꦪꦲꦶꦁꦮꦤꦒꦶꦫꦶ꧌ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧍꧉
. Dèné ingkang jarwakakěn mawi sinawung ing sěkar macapat, Kangjěng Susuhunan Bènang. Sarta sampun suměbar ing kaṭah, malah sampun naté dipun ciṭak, ananging dumugi samangké dèrèng dipun wardèni. Sapunika sampun kalampahan dipun wardèni kalayan jangkěp. Awěwaton saking sěrat warni-warni. Ingkang mardèni Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri (Surakarta).
꧁ꦠꦲꦸꦤ꧀꧂
1922-1852

Sěrat Dèwaruci - Versi Pegon Sunda

Serat Dewaruci Sunda
DESKRIPSI NASKAH
Judul:Sěrat Dèwaruci
Tipe:Manuskrip
A / B:Pègon / Sunda
Bentuk:Tembang
Ikhtisar:Kisah perjalanan sang Werkudara alias Bima، alias Bimasuci، ketika mencari jati diri, yang dalam ajaran tasawuf disebut dengan guru sajati atau hak sajati.
PROFIL
Pengarang:Adirěja
Tahun:TT
Tempat:Wanareja, Tegalpanjang, Kecamatan Sadang (Garut, Jawa Barat)
FISIK
Media:Kertas Eropah
Watermark:Linen / garis-garis tebal
Dimensi:17 x 22 x 1,4 cm
Halaman: 110 Halaman
Keterangan:Sampul sudah diganti dengan duplex lapis kain
KATALOG
Sumber:Nawapustaka
Katalog:#MSu-NP112
Model:Asli
DIGITALISASI
Tanggal:05 Mei 2020
Pemindaian:Diaz Nawaksara
Pengetikan:Diaz Nawaksara
Alih_aksara:Diaz Nawaksara
Terjemahan:Diaz Nawaksara
Fonta:Nawapegon.ttf, Urdupegon.ttf
Berkas:File *pdf
إِيࣧ وَوَچَنْ نُوبَوڮَانَ أَدِرࣤجَا اُورڠْ وَنَرَجَا دَيسَ تࣤڮَلْ ڤَنْجَڠْ كَاچَمَتَنْ سَدَڠْ
Iěu wawacan nu bogana Adirěja urang Wanaraja Dèsa Těgalpanjang Kacamatan Sadang
﴾دَڠْدَڠڮُولَ﴿
دَڠْدَڠڮُول تࣤمْبڠْ نُو مِمِتِ˚بࣧنَڠْ نُوكِلْ تِنَا بَسَ جَوَا˚دِبُوجࣤڠْ ڮَنْچَڠْنَ بَائَي˚چَرِيَوسْ أَنُو دِچَتُورْ˚تِنَا سࣤرة دَيوَارُچِہْ˚وكْتُو بِمَا كࣤرْ نَييَڠَنْ˚سَجَتِنِڠْ هِرُڤْ˚ڮُنُوڠْ٢ دِدُڠْكَرَنْ˚كَبَيه بُوتَ سِرْنَالَرُوتْ هَنْتࣧ كَرِي˚كَالَبُورْڤَابُرِسَۃْ٭ ۞
Dandanggula těmbang nu mimiti/ běunang nukil tina basa jawa/ dibujěng gancangna baé/ carios anu dicatur/ tina sěrat dèwaruci/ waktu bima kěr nèangan/ sajatining hirup/ gunung2-didungkaran/ kabèh buta sirna larut hantěu kari/ kalabur paburisat// ۞
بَرَڠْ دَوڠكَڤ كَا سِسِ بَسِسِرْ˚بِمَا تࣧلࣧمْ كَاجࣤرَو سَڮَرَء˚ جࣤڠْ بِمَارُوچِہ ڮࣧسْ أَمْڤرَوكْ˚دَيوَءرُوچِه ڤَوكْ ۑَئُورَانْ˚نَونْ سࣤجَابِمَاسُوچِي˚وَرْكُودَرَ ڠَجَوَبْ˚سَكَبَيه ڤِنُنْجُوكْ تِڤُرْوَ دَوڠْكَڤْ وࣤكَسَنْ˚ڮࣧسْ كَامَنَه سَكَبَيه كُو دَيوَرُوچِہ˚سَئُورْنَ لَمُونْ كِتُومَہْ٭ ۞
Barang dongkap ka sisi basisir/ Bima těulěum ka jěro sagara/ jěung Bimasuci gěus amprok/ Dèwaruci pok nyauran/ naon sěja Bimasuci/ Wěrkudara ngajawab/ sakabèh pinunjuk ti purwa dongkap wěkasan/ gěus kamanah sakabaèh ku Dèwaruci/ saurna lamun kitu mah// ۞
بِمَا منَيہ ڮࣧوتْ مَسِڠْ ڮَسَكْ˚ أَسُڤْ كَانَ جࣤرَو قَلْبُ أُورَڠْ˚بِمَا ڠهُولࣤڠْ جࣧڠْ كَڮَـيۃْ كُومَهَا ۑَابِسَ أَسُڤْ˚سَرْتَ بَرِينَا جࣧڠْ سࣧرِي˚كُولَ حَيرَنْ كَاچِدَا˚أَوَكْ ڮࣤدَي لُوهُورْ˚سَسَۃْ تَيَا نُونَنْدِڠِي˚سَجَڮَــۃ سَهَ أَنُوڮࣤدَي چَرَءكَمِي˚ڤَڠِنْتࣤنْ مَووَلْ أَيَا٭ ۞
Bima manèh gěuwat masing gasak/ asup kana jero qolbu urang/ Bima ngahulěng jěung kagèt/ kumaha nya bisa asup/ sarta barina jěung sěuri/ kula hèran kacida/ awak gědé luhur/ sasat taya nu nandingan/ sajagat saha anu gědé cara kami/ pangintěn těu aya// ۞